Tapir
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Tapir Temporal range: Early Eocene–Recent |
|
|---|---|
| Tapir Brasil | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Mammalia |
| ordo: | Perissodactyla |
| Superkulawarga: | Tapiroidea |
| kulawarga: | Tapiridae Gray, 1821 |
| Genus: | Tapirus Brünnich, 1772 |
| Species | |
|
Tapirus bairdii |
|
Tapir (
/ˈteɪpər/ utawa /təˈpɪər/ ta-pier) iku sajinis mamalia sing wanguné mèmper babi, kanthi congor cendhak. Tapir urip ing alas Amérika Kidul, Amérika Tengah, lan Asia Kidul-wétan. Ana patang spesies Tapir, yaiku: Tapir Brasil, Tapir Malaya, Tapir Baird lan Tapir Gunung. Kabèh jinis tapir mau kagolomg kéwan sing kaancam punah utawa mutawatiri bakal punah. Kulawarga paling cedhak saka Tapir yaiku kéwan kuku ganjil liyané kaya jaran lan badhak.
Bab lan Paragraf |
Spesies[sunting]
Ana papat jinis tapir sing ditepungi, senadyan sawetara ahli mratélakaké luwih saka kuwi, lan sawetara spesies wis punah:
- Tapir Baird, Tapirus bairdii
- Tapir Malaya, Tapirus indicus
- Tapir Gunung, Tapirus pinchaque
- Tapir Brasil (uga diarani Tapir tlatah cendhèk), Tapirus terrestris
- Tapirus polkensis †
- Tapirus merriami †
- Tapirus veroensis †
- Tapirus copei †
- Tapirus californicus †
Genetik[sunting]
Spesies tapir nduwèni gunggung kromosom:
| Malayan Tapir, T. indicus | 2n = 52 |
|---|---|
| Mountain Tapir, T. pinchaque | 2n = 76 |
| Baird's Tapir, T. bairdii | 2n = 80 |
| Brazilian Tapir, T. terrestris | 2n = 80 |
Rujukan[sunting]
Pranala jaba[sunting]
- IUCN/SSC Tapir Specialist Group
- The Tapir Gallery at The Tapir Preservation Fund website
- World Tapir Day website
- Baird's Tapir Project of Costa Rica
|
||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||