Syekh Abdul Qadir Jaelani

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Syekh Abdul Qadir Jaelani Syekh Abdul Qadir Jaelani yaiku sawijining ulama gedhe kang nduweni kautaman lan karamah.[1]


Bab lan Paragraf

[sunting] Lair

Syaikh Abdul Qadir Al Jailani lair taun 490/471 H ing kutha Jailan utawa Kailan. Saingga ing mburi jenenge ana tembung Al Jailani utawa Al Kailani utawa Al Jiliy.[2]

Jailan yaiku jeneng kanggo tlatah ing sakburine Negri Thobaristan.[3]

[sunting] Jeneng Jangkep

Syekh Abdul Qodir al Jaelani jeneng jangkepe yaiku Muhyi al Din Abu Muhammad Abdul Qodir ibn Abi Shalih Zango Dost al Jaelani.[4]

[sunting] Kulawarga

Syekh Abdul Qadir nduweni anak akehe 49, sing 27 lanang.[5]

[sunting] Karya

Dheweke kang nadegake tariqat al-Qadiriyah. Tulisane dheweke yaiku:

[sunting] Pendhidhikan

Nalika isih nom dheweke lunga menyang Baghdad lan ngangsu kawruh marang ulama kaya Ibnu Aqil, Abul Khatthath, Abul Husein Al Farra' lan uga Abu Sa'ad Al Mukharrimi saingga bisa nguwasai ilmu-ilmu ushul lan uga pendhapat ulama kang beda-beda.[1]

[sunting] Pemahaman

Dheweke sawijining Imam saka madzhab Hambali. Dheweke wong alim kang aqidahe ahlus sunnah melu dalane Salafush Shalih.[1]

[sunting] Dakwah

Sawijining dina Abu Sa'ad Al Mukharrimi mbangun sekolah cilik ing tlatah Babul Azaj lan pengelolaane diserahake kabeh marang Syaikh Abdul Qadir. Dheweke ngopeni sekolah iki kanthi tenanan lan urip ing kono sinambi menehi nasehat marang wong-wong.[1]

Akeh wong kang tobat sakwise krungu nasihate. Uga akeh kang simpati banjur nekani marang sekolahan saingga seklahan mau ora nyukup anggo nrima wong-wong mau.[1]

[sunting] Murid

[sunting] Wafat

Dheweke sedo Setu wengi bar maghrib, tanggal 9 Rabi'ul Akhir taun 561 H ing Babul Azaj.[1]

[sunting] Pendhapat ulama

  • Ibnu Qudamah ngendika, "Kita ketemu dheweke ing akhir uripe banjur dipanggonake ing sekolahane. Dheweke banget nggatekake. Kadang dheweke kongkon putrane yaiku Yahya kanggo ngurubake lampu. Kadang dheweke uga ngirimi panganan. Dheweke tansah dadi imam jroning shalat fardhu."[1]
  • Ibnu Rajab ngendika, "Syaikh Abdul Qadir Al Jailani wong kang diagungake ing jamane dening para syaikh, ulama lan para ahli zuhud. Dheweke nduweni akeh kautamaan lan karamah.[1]


[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e f g h i (id)[1] Syekh Abdul Qadir Jaelani (diaksés tanggal 29 September 2011)
  2. (id)[2] Syekh Abdul Qadir Jaelani (diaksés tanggal 29 September 2011)
  3. (id)[3] Syekh Abdul Qadir Jaelani (diaksés tanggal 29 September 2011)
  4. (id)[4] Syekh Abdul Qadir Jaelani (diaksés tanggal 29 September 2011)
  5. a b (id)[5] Syekh Abdul Qadir Jaelani (diaksés tanggal 29 September 2011)
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès