Ibnu Qudamah

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Ibn Qudamah al-Maqdasi
Jeneng pepak Ibn Qudamah al-Maqdasi
Lair 1147
Palestina[1]
Pati 7 Juli 1223
Damaskus
Wilayah Palestine/Syrian scholar
Pendhidhikan Hanbali

Ibnu Qudamah, jeneng jangkepe yaiku Muaffiquddin Abdullah bin Muhammad bin Ahmad bin Muhammad bin Qudamah bin Muqdam bin Nashr bin Abdullah al Maqdisi, yaiku sawijining imam, ahli fiqih lan zuhud saka Palestina.[2]

Dhèwèké hijrah marang pèrèng bukit Ash-Shaliya, Damaskus, lan jenengé owah dadi ad-Damsyiqi ash-Shalihi, nisbah kanggo dhaerah sakloron.[2] Dhèwèké lair ing wulan Sya’ban taun 145 H ing dhusun Jamma’ail ing sekitar gunung Nabalis, cedhak Baitul Maqdis, Tanah Suci ing Palestina.[3]

Imam Ibnu Qudamah seda dina Setu utawa dina Ied taun 620 H.[4] Dhèwèké disarèkaké ing gunung Qasiun Ing Shalihiliya, sawijining pèrèng ing dhuwur Jami’ Al-Hanabilah.[2]

Hijrah[sunting | sunting sumber]

Nalika iku tentara salib ana ing Baitul Maqdis lan saubengé. Mula, bapaké, Abul Abbas Ahmad Bin Muhammad Ibnu Qudamah, hijrah karo kulawargané menyang Damaskus karo anak-anaké yaiku Abu Umar lan Muwaffaquddin , uga sepupuné, Abdul Ghani al-Maqdisi, watara taun 551 H (Al-Hafidz Dhiya’uddin nduwèni sawijining kitab babagan sebab hijrahé wong-wong Baitul Maqdis menyang Damaskus.[2]


Pendhidhikan[sunting | sunting sumber]

Ibnu Qudamah gedhé karo wong tuwané nganti tekan umur 12 taun. Saksuwéné iku dhèwèké nyinaoni al Qur’an lan ngapalaké Mukhtashar al Khariqi. Umur 10 taun dhèwèké wis apal Qur'an.[5] Umur 20 taun dhèwèké lunga menyang Baghdad dikancani sepupune yaiku Abdul Ghani al-Maqdisi lan urip ing omahe anak pamane kang jenenge Khafid Abdul Ghami taun 561. Ing Baghdad dheweke sinau marang para masyaikh Abu Zur’ah bin Thahir, Ahmad bin Muqarib, dan ulama perempuan Khadijah an-Nahrawaniyah.[5] Muwaffaquddin netep ing omahé Syekh Abdul Qadir Al-Jaelani, ing Baghdad. Nalika iku Shaikh wis 90 taun. Dheweke ngaji Mukhtasar Al-Khiraqi kanthi tliti lan pemahaman kang jero, amarga dhèwèké wis ngapalaké kitab iku sakawit ing Damaskus. Banjur Syaikh Abdul Qadir Al-Jailani sedo.[2]

Banjur dheweke ora pisah karo Syaikh Nashih al-Islam Abdul Fath Ibn Manni kanggo ngaji marang dheweke lan ninaoni madzhab Ahmad lan perbandingan madhzab. Dheweke netep ing Baghdad 4 taun. Ing kutha iku dheweke uga nyinaoni hadis kanthi sanade langsung saka Imam Hibatullah Ibn Ad-Daqqaq lan liyane. Sakwise iku dheweke mulih menyang Damaskus lan netep sedhela karo kulawargane banjur balik maneh ing Baghdad taun 576 H.[2]

Ing Baghdad sing kapindho, dheweke nerusake nyinaoni hadis setaun, langsung saka sanade saka Abdul Fath Ibn Al-Mnni. Bar iku balik maneh ing Damaskus.[2]

Taun 574 H dheweke munggah kaji sakwise bali ing Damaskus. Dheweke mulai nyusun kitabe Al-Mughni Syarh Mukhtasar Al-Khiraqi (fiqih madzab Imam Ahmad Bin Hambal). Kitab iki kalebu kitab kajian paling gedhe jroning masalah fiqih kang umum, lan khususe ing madzhab Imam Ahmad Bin Hanbal. Imam ‘Izzudin Ibn Abdus Salam As-Syafi’i kang nduweni gelar Sulthanul ‘Ulama ngendika kanggo kitab iki: “Aku ngrasa kurang puas jroning menehi fatwa sakdurunge aku nyanding kitab al-Mughni”.[2]

Guru-guruné[sunting | sunting sumber]

Gurune akeh banget, kang kawentar antarane Syaikh Abu Muhammad Abdullah al Ghami al Maqdisi (612 h), lan Syaikh Aba al Fathi Nashr bin Fatyan asy Syahir.

Murid-muridé[sunting | sunting sumber]

Dhèwèké uga nduwèni murid akèh, ing antarané : Syaihabuddin Abu Syammah al Maqdisi (665 h), Zakaddin Abu Muhammad al Mundzirin (656 h).

Penilaian saka Ulama[sunting | sunting sumber]

Karya[sunting | sunting sumber]

Dhèwèké akèh ngarang lan nulis ing akèh bidang. Karangané apik-apik lan akèh digunakaké déning ulama. Ibnu Rajab ngendika : ” karangané Syaikh Muaffiq akeh banget lan apik ing bidang madhab kanthi furu’ lan ushul, ing bidang hadits, basa, kazuhudan, budi pakerti, lan karangan-karangané ing bidang ushuluddin kang apik. Akèh-akèhé, karangané nganggo métodhe ahlul hadits lan atsar-atsar sarta isnad kaya metode penulisan Imam Ahmad lan ahli-ahli hadits liyane.” Karangané antara liya :


Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Ibn Qudaama (www.islaam.org.uk)
  2. ^ a b c d e f g h i j k (id)[1] Ibnu Qudamah (diaksès tanggal 21 September 2011)
  3. ^ (id)/www.as-salaf.com (diaksés tanggal 21 September 2011)
  4. ^ (id)dunia.pelajar-islam.or.id (diaksés tanggal 21 September 2011)
  5. ^ a b (id)www.inpasonline.com (diaksés tanggal 21 September 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ibnu_Qudamah&oldid=832862"