Skype
| 250px Skype jroning Windows XP |
|
| Pangembang | Skype Technologies |
|---|---|
| Versi rilis terbaru | 4.2.0.169 / 20.05. 2010 |
| Sistem operasi | Antar-platform |
| Jenis | P2P |
| Lisènsi | Freeware |
| Situs web | www.skype.com |
Skype iku sawijining program komunikasi nganggo tèknologi P2P (peer to peer). Program iki minangka program bébas (gratis) lan digawé kanthi angkah panyadyan sarana komunikasi swara (voice) mawa kualitas dhuwur sing murah adhedhasar internet kanggo kabèh wong ing pérangan donya. Pangnggo Skype bisa micara karo panganggo Skype liyané kanthi gratis, ngubungi telepon tradhisional kanthi béya (skypeOut), nampa panggilan telepon tradhisional (SkypeIn), lan nampa pesen swara [1] . Tèknologi skype ditemokaké déning wirausahawan Niklas Zennström lan Janus Friis, worg sing uga nemokaké Kazaa ln Joost (P2P kanggo televisi). Skype banjur kompetisi karo protokol kabuka VoIP sing wis ana kaya SIP, IAX, lan H.323. Grup Skype sing dibentuk ing sasi September 2003 banjur dituku déning parusahan lélang internet raseksa ing Amérika e-Bay ing sasi September 2005 lan nduwèni markas ing Luxembourg, Jerman lan kantor-kantor ing London, Inggris, Praha, Rusia lan San Jose, California, A.S.
Bab lan Paragraf |
Sajarah [sunting]
- 23 April 2003 Jeneng domain Skype.com lan Skype.net didhaptar
- 29 Agustus 2003 Versi beta publik pisanan diwetokaké
- 15 Juni 2004 Rilis beta versi 0.98.0.28
- 27 Juni 2004 Credit SkypeOut bisa dituku kanggo sing sapisanan liwat situs web Skype
- 27 Juli 2004 Rilis versi 1.0 kanggo Windows
- 20 Oktober 2004 Pisanan 1 yuta panganggo Skype online bebarengan
- 14 Februari 2005 Pisanan 2 yuta sacara online
- 10 Maret 2005 SkypeIn Public Beta diwiwiti
- 11 Maret 2005 Software wis didownload kaping 84 yuta lan 5.98 milyar menit wicara
- 15 April 2005 Didownload luwih saka 100 yuta
- 18 Mei 2005 Telung yuta panganggoa Skype online bebarengan
- 12 September 2005 Skype diakusisi situs lélang online, eBay.
Deleng uga [sunting]
Referensi [sunting]
- ^ (en) Situs resmi skype