Tilpun
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Telepon)
Tilpun utawa télépun (saka basa Yunani télé (τηλέ) = adoh lan phone (φωνή) = swara) iku sawijining piranti télékomunikasi sing dienggo ngirim lan nampa swara (biasané pacelathon). Biasané wong loro sing wicara, nanging kadhangkala telu utawa luwih. Piranti iki salah sijining piranti omah-omah sing akèh dhéwé lan umum dhéwé dienggo. Tilpun biasané operasiné mawa transmisi sinyal listrik ngliwati jaringan tilpun sing njlimet lan bisa nggawé para panganggo tilpun bisa komunikasi antara siji lan mèh kabèh panganggo tilpun. Tilpun ditemokaké déning Alexander Graham Bell nalika taun 1876.[1]
Delengen uga[sunting]
Réferènsi[sunting]
- ^ (en) Brown, Travis (1994). Historical first patents: the first United States patent for many everyday things (illustrated ed.). University of Michigan: Scarecrow Press. p. 179. ISBN 9780810828988. http://books.google.ca/books?ei=WlVTSuiCE4e-yQS--PDiAg&id=V-NUAAAAMAAJ&dq.