Skèner
Skèner inggih menika piranti ingkang dipunginakaken kangge nyekèn (memindai) setunggalipun dokumén (teks), gambar/foto, lan sanés-sanesipun.[1] Asil skénan kasebat salajengipun dipuntransformasikaken dhateng komputer minangka data digital lan dipunsimpen ing mémori komputer. Saking mémori komputer salajengipun dipunsimpen ing hardisk utawi floppy disk, CD, DVD, ngantos Blue Ray.[1] Data ingkang sampun dipunpendhet kanthi sarana mesin skén menika, saged dipunlebetaken langsung dhateng sedaya aplikasi komputer ingkang saged nepangi (ngenali) teks ASCI (American Standard Code for Information Interchange).[1] Mangfaatipun skèner meh sami kaliyan mesin fotokopi.[1] Bentenipun, asil saking skènan (pamindaian) menin fotokopi saged langsung dipunpirsani ing kertas, ananging asil saking skènan saged dipunpirsani ing layar monitor komputer rumiyin, salajengipun nembe saged dipungantos lan dipunmodifikasi, saengga blege lan asilipun dados langkung sae lan saged dipunsimpen minangka file teks, dokumen, utawi gambar.[2]
Jinisipun Skèner [sunting]
Sasanesipun skèner kagem gambar, wonten ugi skèner barcode, sinar x, skèner cek, skèner logam,ngantos skèner Optical Mark Reader (OMR) utawi DMR (Digital Mark Reader) lan skèn IR ingkang limrahipun dipunginakaken kangge nyekèn lembar jawaban komputer (LJK) ing ulangan umum lan Ujian Nasional.[1]
Cathetan Suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.