Setatsiyun Samarang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Setasiun Samarang)
Samarang NIS Abad 19, Koleksi Troppen Museum

Semarang NIS (Basa Walanda: Samarang NIS) - uga diarani Stasiun Kemijèn NIS lan ing cathetan kang liya uga diarani Semarang Goederenstation - ya iku stasiun sepur pisanan ing Hindhia Walanda (Indonésia). Miturut panlusuran sajarah saka komunitas Indonesia Railway Preservation Society (IRPS) Semarang, Samarang Nederlanche Indische Spoorweg (NIS) saiki wis owah dadi papan padunungané warga kang dijuluki Kampung Spoorland (Jawa: dalan sepur) ana ing Kalurahan Kemijèn, Kacamatan Semarang Wétan [1].

Omah ning Kampung Spoorland, Koleksi Warta Jateng
Kampung Spoorland Saiki, Koleksi Warta Jateng

Sajarah[besut | besut sumber]

Miturut panuturun sajarah Tjahjono Raharjo, salah sawijining anggota IRPS Semarang, Setatsiyun Samarang NIS dibangun déning maskapé sepur Walanda Nederlanche Indische Spoorweg Maatschappij [2] Setatsiyun Samarang NIS diresmèkaké tanggal 10 Agustus 1867. Parésmiané iku mratandhani minangka jalur sepur pisanan kang dibukak kanggo umum ing Hindhia Walanda (Indonésia). Jalur iki nyambungaké Semarang-Tanggung kang dawané 25 kilomèter.

Panemuné Tim IRPS Semarang iku béda karo sajarah sepur pisanan ing Indonésia ya iku Kemidjèn. Sejarahé Setatsiyun Kemidjèn iki diamot ana ing buku Sajarah Perkeretaapian Indonésia karangané Tim Telaga Bakti Nusantara taun 1997 lan tulisan ing Musiyum Transportasi Taman Mini Indonésia Indah.

Tim IRPS mastiké yèn setatsiyun sepur pisanan ing Indonésia ana ing Kampung Spoorland. Diwiwiti kanthi kacurigan anggota IRPS Semarang bab jenengé setatsiyun sepur pisanan ing Indonésia kang ora lumrah dijenengi désa dudu kutha. Saiyané iku, gambar Setatsiyun Kemidjèn malah luwih mirib “rumah signal” tinimbang setatsiyun lumrahé. Lan kang luwih njalarani curiga manèh, ya iku papan panggonan Setatsiyun Kemidjèn kang ana ing tengah jalur Semarang-Demak dudu Semarang-Yogyakarta.

Peta kuna Kutha Semarang taun 1866, 1869, 1909, 1917, 1925, 1935, lan 1938 pepak kanthi letak koordinat setatsiyun sepur pisanan ing Indonésia dikumpulaké déning tim IRPS Semarang kanggo ngecèk posisi setatsiyun kang paling bener. Koordinat lokasi setatsiyun mau uga dicoba dilacak lan dicocokaké kanthi bantuan GPS. Wasana, Tim IRPS Semarang nemu papan panggonan setatsiyun kang bener ana ing kampung padat penduduk ya iku Kampung Spoorland [3]

Tjahjono Raharjo lan Tim IRPS Semarang banjur nekani sesepuh lan mantan pegawé setatsiyun ing kampung iku kang jènèngé Ramelan. Tim IRPS Sèmarang kagét, nalika Ramelan nuduhaké tilas yasan setatsiyun wis owah dadi omah warga. Separo yasan wis rata karo lèmah, kari sithik sisané yasan setatsiyun kang isih katon, kaya déné témbok lan payon setatsiyun [4].

Kaanan Saikiné[besut | besut sumber]

Sawisé ngerti papan panggonan setatsiyun kang bener, banjur tim IRPS nglapor marang pihak PT. KAI Laladan Operasional IV Semarang lan Pamaréntah Kota Semarang njaluk supaya minimal laladan iku diwènèhi tandha yèn ana yasan bersejarah mapan ing kono, nanging nganti saiki durung ana tindakan kang nyatal. Tim IRPS Semarang mung njaluk pengakuan supaya sisa yasan bersejarah iki dilindungi lan nglurusaké sajarah kang ngrembaka yèn setatsiyun pisanan ing Indonesia iku dudu Setatsiyun Kemidjèn.

Tim IRPS Semarang miturut panuturané Tjahjono Raharjo, wis wiwit diwiwiti kagiyatan supaya bukti Samarang NIS iki tetep kajaga, ya iku nganakaké sosialisasi karo warga Kampung Spoorland lan seminar ana ing panggonan mapan setatsiyun kang pisanan ing Indonésia iku. Humas PT. KAI, Sapto Hartoyo wis ngakoni yèn Samarang NIS iku pancèn setatsiyun pisanan ing Indonésia. Setatsiyun Kemidjèn iku mung halte setatsiyun kanggo para penumpang ngénténi sepur kang teka, nanging patemon iku isih kudu ditliti pihak PT. KAI manèh. Pihak PT. KAI kudu njaluk kesepakatan lan kesepahaman saka para sutresna sepur liyané kang ana, supaya ora ana perdebatan sajarah ing masarakat. Kampung Spoorland iku sajatiné wis awit suwé mlèbu asét PT. KAI, mulané warga kampung padha kena biaya séwa amarga mapan ana ing lemah asèté PT. KAI.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Indonesian Railway Preservation Society. Bulletin Internal Organisasi Pelestari Kereta Api Indonesia. Edisi IV. Januari 2010. Hlm. 1-3
  2. Djoko Suryo. 1989. Sajarah Sosial Pedésaan Karesidenan Semarang 1830-1900. Yogyakarta: Pusat Antar Universitas Studi Sosial Universitas Gadjah Mada. hlm. 21-22.
  3. "Samarang NIS, Stasiun Pertama di Indonesia (1): Kampung Spoorland Ungkap Samarang NIS". Warta Jateng, 6 Agustus 2012.
  4. "Samarang NIS, Stasiun Pertama di Indonesia (2): Tak Lagi Difungsikan Setelah Menjadi Gudang". Warta Jateng, 7 Agustus 2012
  5. "Samarang NIS, Stasiun Pertama di Indonesia (Habis): Sajarah Stasiun Pertama Tetap Harus Diluruskan". Warta Jateng, 8 Agustus 2012