Peperangan Sekigahara
| Peperangan Sekigahara | |||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Lukisan zaman Edo sing nggambaraké peperangan Sekigahara. |
|||||||||
|
|||||||||
| Pihak sing kalibat | |||||||||
| Pasukan Kulon Toyotomi Hideyori | Pasukan Wétan Tokugawa Ieyasu | ||||||||
| Komandhan | |||||||||
| Ishida Mitsunari Mōri Terumoto Kobayakawa Hideaki Ukita Hideie Chōsokabe Morichika Shimazu Yoshihiro |
Tokugawa Ieyasu | ||||||||
| Kakuwatan | |||||||||
| 104.000 (ana manéka panjlasan ngenani gunggung) | 82.000 (ana manéka panjlasan ngenani gunggung) | ||||||||
| Cacahé korban | |||||||||
| Ora cetha | Ora cetha | ||||||||
Peperangan Sekigahara (関ヶ原の戦い sekigahara no tatakai?) iku peperangan sing dumadi tanggal 15 September 1600 miturut kalèndher lunar (21 Oktober 1600 miturut kalèndher Gregorian) ing Sekigahara, distrik Fuwa, Provinsi Mino, Jepang.
Peperangan nglibataké pihak sing dipimpin Tokugawa Ieyasu nglawan pihak Ishida Mitsunari gegandhèngan karo rebutan kakuwasan sawisé sédané Toyotomi Hideyoshi. Peperangan dimenangké déning pihak Tokugawa Ieyasu sing muluské dalan nuju kawanguné Keshogunan Tokugawa.
Endhem-endheman Peperangan Sekigahara duwé peran jroning ngliraké gerakan nggulingké pamarèntahan Keshogunan Edo ing abad kaping-19 sing diwiwiti saka wilayah han Satsuma lan Chōshū.
Pihak sing regejegan jroning peperangan iki kapérang dadi kubu Tokugawa (Wadyabala Lor) lan kubu panyengkuyung klan Toyotomi (Wadyabala Kulon). Klan Toyotomi dhéwé ora mihak salah siji pihak sing regejegan lan ora njupuk bagéyan jroning peperangan.
Sawisé peperangan rampung, kakuwasan militèr luwih kasil dikuwasani pihak Tokugawa saéngga Peperangan Sekigahara uga misuwur kanthi aran Tenka wakeme no tatakai (天下分け目の戦い? peperangan sing nemtokaké pamimpin Jepang).
Nalika dumadiné peperangan durung dipigunakaké istilah Wadyabala Kulon lan Wadyabala Wétan. Kaloro istilah mau nembé dipigunakaké para sajarawan ing tembé wuri kanggo nyebut rong pihak sing regejegan.
Wacan terusan [sunting]
- Fujii Jizaemon. Sekigahara kassen. Sekigahara: Sekigahara Kankō Kyōkai, 200?
- Fujii Jizaemon Sekigahara kassen shiryōshū. Tokyo: Shin-Jinbutsuoraisha, 1979.
- Kasaya Kazuhiko. Sekigahara kassen yonhyaku-nen no nazo. Tokyo: Shin-Jinbutsuoraisha, 2000.
- Shiramizu Tadashi. Zusetsu: Sekigahara no kassen. Gifu: Gifu Shimbunsha, 2000.
- Futaki Keinchi. Sekigahara kassen. seri Chūkōshinsho, Tokyo: Chūōkōron, 197?
- Miyakawa Hisako. Sekigahara gunki taisei 1-4. Kokushi Kenkyūkai, 1990.
Pranala njaba [sunting]
- (en) Péta wilayah kakuwasan saben daimyo sarta kakuwatan kubu kulon lan kubu wétan
- (ja) Situs resmi kutha Sekigahara, Gifu lokasi Peperangan Sekigahara