Menyang kontèn

Pengantèn

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Pengantèn iku sepasang wong (pengantèn putri lan pengantén kakung) ing acara penganténan kang wis nglakoni upacara ijab kabul lan sah dadi pasangan suami istri miturut hukum agama. Pengantén utawa mantèn iku uga biyasa diarani raja sadina amarga ing dina pawiwahan, pasangan iku disandingaké ing singgasana utawa pelaminan kang disediaké kusus uga dihiasi kusus. Pasangan pengantèn uga diladéni kusus déning kaluwargané dhéwé-dhéwé uga ngagem rasukan kusus kaya pasangan raja lan permaisuri.

Rasukan pengantèn

[besut | besut sumber]

Rasukan kang diagem pengantèn iku dirancang lan digawé kusus, béda karo rasukan liyané. Lumrahé kang diagem pengantèn kakung iku luwih ringkes tinimbang kang diagem pengantèn putri, iki mligi ing upacara pengantènan modhèren.
Lumrahé rasukan pengantèn iki dadi tanggugjawab pemaès utawa uga diarani dhukun pengantèn.

Kamar pengantèn

[besut | besut sumber]

Kamar pengantèn ya iku kamar kang kanggo pengantén sakkloron. Kamar kang disiapaké kanggo turu bareng ing malam pertama utawa bengi sepisanan sawisé padha manténan. Kamar kang didhékorasi apik lan wangi supaya ora bisa nglalèkaké bengi iku.

Bengi pengantèn

[besut | besut sumber]

Bengi pengantèn ya iku bengi sepisanan sawisé upacara penganténan kelakon.

Pengantèn Kakung

[besut | besut sumber]

Pengantèn kakung utawa biyasa diarani mantèn lanang iku wong lanang kang dadi pengantèn. Pengantèn kakung lumrahé ngagem rasukan kang bisa nampilaké sosok kang gagah perkasa. Ing upacara pengantènan adat, pengantèn kakung ditampilaké kaya raja. Ing upacara pengantènan biyasa, pengantèn kakung iki racaké ngagem rasukan kakung formal kaya stèlan jas.

Pengantén Putri

[besut | besut sumber]

Pengantèn putri utawa biyasa diarani mantèn wédok iku wong wédok kang dadi pengantèn. Lumrahé ngagem rasukan kang bisa nampilaké sosok kang ayu lan anggun uga bisa ngagem rasukan tradhisional tuladhané kebaya.

Uga delengen

[besut | besut sumber]