Paus Bonifatius II
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Bonifasius II | |
|---|---|
| Asma wiyosan | mboten dipunmangertos |
| Wiwit mengku | 530 |
| Dumugi | 532 |
| Dipunrumiyini | Feliks IV |
| Dipunlajengaken | Yohanes II |
| Miyos | tanggal mboten dipunmangertos papan mboten dipunamangertos |
| Séda | 532 papan mboten dipunamangertos |
| Paus kanthi nami Bonifatius sanesipun | |
| Cathetan suku {{{footnotes}}} |
|
Paus Bonifasius II (???-532) punika, ngasta jawatan Paus Gréja Katulik Roma antawis taun (530-532). Panjenenganipun punika wiyosan Ostrogotik, lan arupi Paus Jerman ingkang sepindah. Panjenenganipun pikantuk kalenggahan Paus amargi pangaruh Raja Gotik Athalaric. Bonifasius dipuntunjuk dados Paus déning ingkang ngrumiyini inggih punika Paus Feliks IV, ingkang arupi panyengkuyung kiyat saking Raja Aria, lan mboten naté nglampahi prosès pamilihan. Salaminipun kepausan Bonifatsus, wonten ugi Anti-Paus Dioskorus, ingkang dipunpilih déning mayoritas kaum rohaniwan ing Roma. Bonifasius lan Dioskorus sami-sami dipuntahbisaken ing Roma tanggal 22 September 530, nanging Dioskorus séda namung kalih dasa dinten sasampunipun.