Pananggalan Jepang

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Taun Jepang utawa dikenal minangka zaman kaisar (皇紀 Kōki?) iku cara pangétungan taun ing Jepang adhedhasar taun Kaisar Jimmu jumeneng nata ing taun 660 SM. Istilah resminé yakuwi Zaman Kaisar Jimmu Munggah Tahta (神武天皇即位紀元 Jimmu tennō sokui kigen?), nanging luwih kerep disebut kalèndher kaisar (kō-reki), kalèndher Jimmu (Jimmu-reki), zaman Jimmu (Jimmu-kigen), utawa taun Sumera (taun kaisar).

Taun 1 kalender Jimmu luwih dhisik 660 taun tinimbang Pananggalan Gregorian, saengga taun Jepang miturut pananggalan Jimmu diitung kanthi nambahaké angka taun pananggalan Gregorian (taun Masehi) ditambah 660. Taun 2000 pananggalan Gregorian padha karo taun 2660 pananggalan Jimmu.

Ing Indonésia, taun Jepang tau dipigunakaké ing mangsa pendudukan Jepang. Naskah asli Proklamasi Kamardikan Indonésia mawa tanggal dina 17 wulan 8 taun '05 (cekakan tumrap taun Jepang 2605), utawa padha karo 17 Agustus 1945 taun Masèhi.


Pranala jaba [sunting]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Pananggalan_Jepang&oldid=826696"