Nadia Petrova
Nadia Petrova (lair ing Moskwa, Rusia, 8 Juni 1982; umur 29 taun)[1] iku petenis tunggal wadon.[1] Nadia Petrova nduwéni awak kang dhuwuré 178 cm lan aboté 65 kilo gram.[2] Nadia Petova dadi petenis wadon kang profesional nalika taun 1999.[1] Nadia Petrova uga tau éntuk rangking kang paling dhuwur sadonya, Nadia Petrova tau éntuk rangking lima sadonya nalika tanggal 15 Mei 2006 kepungkur.[1] Saliyané iku, Nadia Petrova uga tau entuk gelar juwara profesional kang cacahé limang gelar juwara profesional tunggal putri nganti saiki.[1] Nalika taun 2004, Nadia Petrova pancèen ora éntuk juwara siji ing Australian Open, ananging Nadia Petrova banjur sukses ing WTA sirkuit.[1] Nadia Petrova kang asalé saka Rusia menang saka Tamarine Tanasugarn kang asalé saka Thailand.[1] Nadia menang nalika lomba ing pertandingan tunggal putri ing turnamen Australian Open tennis ing Melbourne nalika tanggal 15 Januari 2007.[1]
Nadia Petrova iku kalebu petenis kang nduwéni pengalaman.[3] Nadia melu main ing tennis Pro nalika taun 1999.[3] Prestasi kang ditampa Nadia Petrova yaiku rangking 3 WTA nalika Mei taun 2006, rangking sekaran 37 WTA (20 Juni 2011).[3] Dene gelar Juwara kang tau ditampa yaiku 4 ITF lan 9 WTA.[3] Saliyané iku Pencapaian ing Grand Slam yaiku Quarter Final (QF) Australian Open (2006, 2010); QF Wimbledon (2005, 2008); QF US Open (2004, 2005) lan Semi Final French Open (2003, 2005).[3]
[sunting] Cathetan suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.