Muséum Nasional Sejarah Alam
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 70 dinten 430 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| National Museum of Natural History | |
|---|---|
| Diadegaké | 1910 |
| Lokasi | National Mall di Washington, D.C., Amerika Serikat |
| Jinis | sejarah alam |
| Situs wèb | www.mnh.si.edu |
Museum Nasional Sejarah Alam (National Museum of Natural History) minangka museum ingkang dipunkelola Lembaga Smithsonian, dumunung wonten ing sisih ler National Mall, Washington, D.C., Amerika Serikat.
Museum mameraken langkung saking 125 yuta spesimen tetuwuhan, kewan, fosil, mineral, watu, meteorit,saha peninggalan budaya. Museum punika minangka museum paling misuuwur angka kalih saking sedaya [[museum] ingkang dipunkelola Lembaga Smithsonian. Sajumlah 185 ilmuwan sajarah alam wonten ing ngandhapipun naungan museum minangka tenaga paneliti. Para ilmuwan kacathet minangka kelompok ilmuwan kanthi cacahing anggota ingkang paling kathah sakdonya babagan bidang panaliten sajarah alam saha budaya.
Bab lan Paragraf |
Sajarah [sunting]
Museum punika kabangun ing taun 1910, gedungipun karancang dening arsitek Hornblower saha Marshall. Gedungipun karancang kanthi gaya arsitektur neoklasisisme, saha dipunbangun ing sisih ler National Mall ing Constitution Avenue minangka bageyan saking rencana pambangunan Washington D.C. ingkang dipundamel dening Komisi McMillan taun 1901. Nalika taun 2000, Kenneth E. Behring nyumbangaken dana sajumlah AS$80 yuta (sumbangan paling ageng ingkang nate dipuntampi museum). Saderengipun Behring ugi nate nyumbang AS$20 yuta kangge modernisasi gedung. [1][2]
Pameran batu mulia ingkang dipunadani museum nalika taun 2005 kanthin nama "Butterfly of Peace". Pameran punika minangka pameran ingkang pisanan wonten ing Amerika Serikat. Ing taun 2008, museum punika mbikak arena pameran kanthi jembar 464,5 meter² ingkang dipunisi lemah kanthi unsur-unsur panunjang panguripan.
Paragan [sunting]
Aula geologi, batu mulia, saha mineral [sunting]
Koleksi Mineral saha Batu Mulia Nasional wonten ing museum punika minangka salah satunggaling koleksi paling wigati ing donya. Koleksinipun kasungsun saking batu mulia paling misuwur ing donya, kalebet Berlian Hope saha batu safir ingkang winastan Safir Bintang Asia. Museum kagungan langkung saking 15 ewu batu mulia, 350 ewu batu mineral, saha 300 ewu tuladha batuan saha bijih. Kejawi punika, Smithsonian kagungan antawiis 35 ewu meteorit ingkang dipunanggep minangka salah sawijining koleksi paling jangkep sakdonya. Berlian Hope inggih punika salah satunggaling bintang pameran. Bobotipun 45,52 karat saha dipunpercaya minangka berlian ingkang mbekta nasib ala tumrap ingkang kagungan. Nalika dados gadhahipun individu, meh sedaya pamilik Berlian Hope ngalami mangsa susah babagan bea saha kapeksa nyade berlian punika. Safir Bintang Asia minangka safir paling ageng ing donya, asalipun saking Sri Lanka sah bobotipun 330 karat. Koleksi Aula Geologi, Batu Mulia, saha Mineral antawisipun saking Washington A. Roebling (pandhiri Jembatan Brooklyn) ingkang nyumbang 16 ewu spesimen, Frederick A. Canfield nyumbang 9 ewu spesimen, saha Dr. Isaac Lea ingkang nyumbang 1312 batu mulia saha mineral minangka dados koleksi wiwitan.
Aula Dinosaurus [sunting]
Museum kagungan 570.000 spesimen reptilia saking sedaya wilayah. Koleksi Nasional Amfibia saha Reptilia sampun tambah kali lipet antawising 40 taun pungkasan (190 ewu spesimen dados langkung saking 570 spesimen ing taun 2008). Kejawi rangka asli dinosaurus ingkang sampun dados fosil, Aula Dinosaurus kagungan model replika. Antawisipun replika dinosaurus ingkang sampun dipundamel inggih punika Tyrannosaurus Rex ingkang adhep-adhepan kaliyan Triceratops.