Mitoni
Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki diselenggarakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi, tujuane kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sifaté tolak bala. Ing dhaérah tinentu, upacara iki uga diarani tingkeban.
[sunting] Makna
Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwé raga sing sampurna. Dadi miturut pangertène wong Jawa, wêtêngan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sempurna neng sasi kaping 7 iki utawa Sapta Kawasa Jati. Rangkaian acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning jero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake kelapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan yaiku kendhuren. Acara siraman mung diselenggarakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diselenggarakake ning dina sing bener-bener apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuah awan nganti mbengi.
[sunting] Rangkeyan acara
Rangkaian acara kanggo upacara mitoni iki luwih akèh tinimbang upacara ngupati, urut-urutané yaiku siraman, nglebokaké endhog pitik kampung ing jero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokaké cengkir klapa gadling), medhot lawé utawa lilitan benang (janur), mecahaké wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan kendhurèn.
Acara siraman namung diselenggarakaké kanggo mitoni anak pisanan.
[sunting] Wektu
Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diselenggarakaké ing dina sing bener-bener apik yaiku dina Senèn awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi.
bali menyang: Upacara adat Jawa
|
Ngliman > Mitoni > Mendhem ari-ari |