Manuk Kiwi
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Kiwi | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Aves |
| ordo: | Struthioniformes |
| kulawarga: | Apterygidae G.R. Gray, 1840 |
| Genus: | Apteryx Shaw, 1813 |
Kiwi iki salah siji jenis manuk kang ora isa mabur. Manuk iki urip ing Selandia Anyar saka genus Apteryx(siji-sijine genus ing family Apterygidae). Mnuk kiwi ukurane cilik, kaya pitik. Manuk iki kagolong spesies kang kaancam punah. Kiwi uga digunakake simbol negara Selandia Anyar.[1] Manuk kang ora isa miber iki bobote mung 2-5 kg. Wulune wernane abu-abu utawa soklat. Manuk iki ora nduwe buntut, lare uga cilik. Cucuke cilik lan landhep. Beda karo manuk liyane bolongan irung manuk iki ana ing cedhak pucuk cucuke.[2]
Spesies Kiwi [sunting]
Manuk kiwi ing donya iki mung ana ing Selandia Anyar. Spesies kiwi ing donya mung ana 5, lan kabeh urip ing Selandia Anyar. Spesies manuk kiwi antarane[1]:
- Great Spotted Kiwi (Apteryx haastii)
- Little Spotted Kiwi (Apteryx owenii)
- Okarito Brown Kiwi / Rowi ( Apteryx rowi)
- Brown Kiwi (Apteryx mantelli)
- Tokoeka (Apteryx australis)