Mahavira
| Mahāvīra | |
|---|---|
| 24th Jain Tirthankara | |
Patung Mahavir Swami |
|
| Detilipun | |
| Nama sanes: | Vardhamana,Sanmatinayak,Vir,Maha-ativeer, Shramana, Niggantha |
| Data Sajarah: | 599–527 BCE |
| Kulawargi | |
| Bapak: | Siddaratha |
| Ibu: | Trishala (Priyakarni) |
| Dhinasti: | Ikshvaku |
| Papan panggenan | |
| Miyos: | Kundalagrama near Vaishali |
| Nirvana: | Pavapuri, District Nalanda, Bihar |
| Atribut | |
| Warni: | Kuning |
| Simbol: | Singa |
| Inggilipun: | 6 Feet |
| Seda: | 72 taun |
| Attendant Gods | |
| Yaksha: | Matang |
| Yaksini: | Siddhayika |
Mahavir (Sansekerta महावीर, Kannada ಮಹಾವೀರ lan Tamil அருகன்("Arugan") ingkang nggadhahi teges "Pahlawan Besar" utawi Vardhamana, gesang ing jaman (599 – 527 SM). Lair ing India sisih wetan, ing dhaerah ingkang sami kaliyan lairipun Buddha Gautama, ananging benten jaman utawi generasinipun. [1] Mahavira inggih menika asma ingkang sampun limrah dipunginakaken kaum Jain tumrap Vardhamana, tiyang ingkang dados tukoh utama panyebar agama kaum Jain. [2] Ing yuswa tigang dasa taun, panjenenganipun nilar kadonyan (nilar garwa lan putrinipun) saperlu mados margi ingkang lurus lan kepuasan spiritiul. [2]
Verdhamana dados pendheta aliran dhisiplin Parsyanatha, aliran menika kalebet aliran ingkang alit ananging nggadhahi paugeran-paugeran ingkang banget kedah dipunlaksanakaken dening tiyang ingkang nyepeng aliran menika. [2] Sadangunipun kalih welas taun, panjenenganipun tapa brata utawi meditasi. Asring pasa, boten kagungan bandha donya menapa-menapa. [2] Nalika yuswanipun sekawan dasa kalih taun. [2] Mahavira nggadhahi pamanggih menawi panjenenganipun sampun pikantuk “kecerahan spiritual”. [2] Panjenenganipun lajeng ngajar lan khotbah bab spiritual. [2] Nalika panjenengan tilar donya taun 527 SM, panjenenganipun sampun pikantuk kathah pangikut. [2]
Sejatosipun doktrin Mahavira ameh sami kaliyan ajaran Budha lan Hindu. [2] Kaum Jain percados menawi manungsa seda, jiwanipun boten ndherek seda ananging reinkarnasi dhateng badan ingkang sanes (sanes badanipun manungsa). [2] Doktrin menika inggih menika salah satunggalipun lelandhesanipun kaum Jain. Jainisme percados wontenipun karma, dontrin bab etika konsekuensi saking sedaya “tingkah laku” badhe dipunwales ing mangkenipun. [2] Supados sedaya dosa saged ical menika kedah dipunsucikaken kanthi nilar kasenengan donya. [2] Mligi kagem pendheta-pendheta kaum Jain kedah nengenaken gesang prasaja. [2] Aspek agama Jain ingkang paling awrat inggih menika doktrin ahimsa utawi boten mawi kacongrahan. [2] Jain nggadhahi gegebengan inggih menika boten kepareng nggadhahi sipat awon dhumateng kewan lan manungsa. [2] Amargi menika, kaum Jain dados “vegetarian” utawi namung dhahar ron utawi wit-witan kemawon. [2]
[sunting] Cathetan Suku
[sunting] Pranala Njawi
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.