Maca
Maca yaiku proses pikiran, nganggo kekuwatan dhéwé, ningkatake dhiri kanthi nggarap buku.[1] Tanpa pitulungan éksternal apa wae kajaba simbol-simbol kang kacéthak, pikiran ningkatake dhiri saka “kurang mahami” dadi “luwih mahami”[1]. Tujuwan maca yaiku supaya entuk informasi lan supaya luwih paham.[1] Tegesé tembung kaping pisan digunakake kayata nalika maca koran, majalah, utawa matéri liyané.[1] Kegiyatan kaya ngono kuwi bisa nambahi informasi ananging durung mesthi ningkataké pemahaman.[1] Tegese tembung kaping pindho digunakake nalika maca samubarang bab kang sadurungé durung patiya dimangerténi.[1] Saliyane kuwi, maca uga kanggo hiburan.[1]
Bab lan Paragraf |
Lével maca [sunting]
Lével maca ana papat yaiku :[2] [3]
- Maca dasar, yaiku wiwitané wong ajaran dasar-dasar maca, entuk pelatihan maca dasar, lan entuk manéka warna ketrampilan maca.
- Maca inspeksional, yaiku lével kang duwe syarat khusus yaiku ing bab wektu.
- Maca analitis, yaiku maca sakabehané, maca lengkap lan maca kanthi apik.
- Maca sintopikal, yaiku maca luwih saka sa-buku kanggo sa-topik. Teori sing ditemokake ing buku-buku kuwi disandingake lan dijupuk analisis topik kuwi mau.
Masalah-masalah maca [sunting]
Masalah-masalah kang ditemokaké nalika maca ing antarané[2]:
-
- Korespondensi : salah sijiné masalah ing bab iki yaku ukara-ukara kang wis ketinggalan zaman isih dienggo.
- Jurnal lan majalah : kandel lan frekuensi metune.
- Perundang-undangan : basa kang digunakake ruwet lan angél dipahami.
Masalah liya kang ditemokake yaiku,[2]
-
- Kosakata, akéh tembung kang ora dimangerténi.
- Relaksasi, kesuwén maca bisa marakake tegang, gugup, gampang ngamuk.
- Antisipasi
- Konsentrasi
- Retensi
- Tujuan
- Motivasi
Kaprigelan Dhasar Maca [sunting]
kemampuan dasar sing perlu dikuasai supaya bisa ngembangake keterampilan maca yaiku: [4]
-
- Konsentrasi
- Gawé Peta PIkiran
- Rélaksasi
Nggawe Perpustakaan Dhewe [sunting]
Kanggo wong sing seneng maca, mesthi buku sing diduweni akeh banget.[5] Kanggo njaga supaya buku tetep awet ana panyaruwe sing patut digatekake.[5]
- Buku aja nganti kena sorot srengenge langsung. dokok ning lemari utawa rak sing cedhak karo jendela.
- Jaga suhu ruangan kira-kira 16°-21 °C supaya ora jamuren.
- Kerep ngresiki buku saka lebu.
Kanggo gawe perpustakaan, gunakake rak sing built-in supaya katon luwih rapi.[5] Yen perlu sediakake meja lan kursi kanggo maca.[5] Pesthekake panggone kepenak lan pencahayaan ruang cukup.[5]
Prelu dimangerteni yen lemari ora pas, buku bisa cepat rusak lan yen posisi maca ora kepenak, bisa ngganggu kesehatan.[5]
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b c d e f g Mortimer J Adler&charles van doren.2007. How to Read a Book Cara Jitu Mencapai Puncak Tujuan Membaca. PT indonesia Publishing.
- ^ a b c Gordon Wainwright.2006. Speed Reading Better Recalling. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama
- ^ Coretanologis: Sudah Sampai Manakah Level Membaca Kamu?(diakses 29 Maret 2011)
- ^ (id)Semuabisnis(diakses 4 April 2011)
- ^ a b c d e f (id)ideaonline(diakses 12 April 2011)