Lètnan Dua

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Tandha pangkat Letnan Dua TNI AD

Lètnan Dua kuwi pangkat paling endhèk ing jenjang perwira pertama jroning kemiliteran Indonesia. Pangkat iki dianugerahaké marang:

  1. Taruna Akademi Militèr (Akmil), Akademi Angkatan Laut (AAL) lan Akademi Angkatan Udhara (AAU) kang wis ngrampungaké pendidikan jroning telung taun.
  2. Bintara kang nampa promosi menyang jenjang perwira liwat Sekolah Calon Perwira utawa Secapa. Kanggoné TNI-AD ditempuh liwat Secapa ing Bandung, TNI-AU ditempuh liwat Sekolah Pembentukan Perwira (Setukpa) ing Lanud Adisumarmo Sala, lan kanggo TNI-AL ing Komando Pendidikan Angkatan laut (Kodikal) Surabaya.
  3. Lulusan D3 utawa S1 saka umum kang kasil lulus Pendidikan Pertama Perwira Prajurit Karier (PK) TNI sajroning 7 sasi. Kanggo siswa (putra) ing Akmil Magelang lan siswi (putri) ing Pusdik Kowad Bandung.
  4. Siswa Sekolah Penerbang Dinas Pendek TNI (Sekbang PSDP TNI) kang kasil ngrampungaké tahap pendidikan :
    • Enem sasi ing Lanud Adisumarmo Sala.
    • Telu likur sasi ing Lanud Adisucipto Yogyakarta.
    • Patang sasi ing Lembaga Pendidikan Angkatan.

Cathetan: Jroning TNI-AD kaya Infanteri, Letda bisa mimpin peleton pasukan. Jroning TNI-AL Letda mengku jabatan minangka kepala divisi. Khusus kanggo Marinir mbawahi siji peleton.

Pranala njaba[sunting]


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Lètnan_Dua&oldid=853454"