Peleton
Peleton kuwi satuan militèr kang dmadi saka 30 nganti 50 personil, lan biasané dipimpin déning personil militer kanthi pangkat letnan. Peleton dumadi saka loro nganti papat regu, lan béda-béda saka jinis satuan, lan uga gumantung marang negarané. Telu nganti papat peleton diwadhahi jroning sawijining organisasi kompi.
Bab lan Paragraf |
TNI-AD [sunting]
Komandan Peleton (Dan Ton) biasané diwengku déning personil militer kanthi pangkat Letnan Dua. Posisi Komandan Peleton biasané minangka panugasan pisanan, tumrap perwira kang lagi lulus saka Akademi Militer (Angkatan Dharat) lan Akademi Angkatan Laut (kecabangan Marinir).
Negara liya [sunting]
Ing Angkatan Dharat Inggris, peleton dipimpin déning Letnan utawa Letnan Dua, kang dibantu déning siji Sersan. Peleton kabagi dadi telung regu kang saben regu duwé anggota 8 prajurit.
Jroning militèr Amérika Sarékat, peleton dipimpin déning Letnan Satu utawa Letnan Dua, kang dibantu déning sawijining Sersan Satu. Ing satuan infanteri, peleton senapan dumadi saka patang regu kang saben regu duwèni sanga prajurit..
Delengen uga [sunting]
Pranala njaba [sunting]
|
|||||