Kutu
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Kutu ngacu marang manéka artropoda mawa ukuran cilik nganti cilik banget. Jeneng iki dipigunakaké kanggo sapérangan krustasea banyu cilik (kayata kutu banyu), srangga (kayata tuma sirah lan kutu godhong), sarta — sacara salah kaprah — manéka anggota Acarina (tungau lan caplak, sing duwé kerabat luwih cerak karo angga-angga tinimbang srangga). Kabèh diarani "kutu" amarga ukurané sing cilik. Kanthi mangkono, pangertèn awam istilah iki ora duwé teges taksonomi.
[sunting] Manka jenis
Ing ngisor iki sapérangan klompok kéwan sing migunakaké jeneng kutu:
- kutu banyu (anggota Crustacea)
- kutu beras, ama ing wiji-wiji sing disimpen
- tuma/tuma sirah/rambut
- tuma kucing, parasit ing kucing
- tuma kirik, parasit ing kirik
- tuma manuk, parasit ing manuk/unggas
- kutu buku
- kutu loncat
- kutu godhong, ama tanduran
- kutu perisai, ama tanduran
- kutu putih, ama tanduran
- kutu bubuk, ama kayu