Ksatriya

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Puntadewa, salah sawijining Ksatriya ing Pewayangan

Ksatriya inggih punika golongan para bangsawan ingkang tumemen babagan pamerentahan utawi administrasi negara. Ksatriya ugi minangka golongan para ksatriya utawi para Raja ingkang ahli babagan militer saha pinter migunakaken senjata. Kuwajiban golongan Ksatriya inggih punika ngayomi golongan Brahmana, Waisya, saha Sudra. Menawi golongan Ksatriya nindakaken kuwajibanipun kanthi leres, piyambakipun badhe angsal berkah saha pandonga saking golongan Brahmana, Waisya, sarta Sudra.[1]

Ing jaman sakmenika, Ksatriya ngrujuk dhumateng pakaryan satunggaling tiyang ingkang ngabdi dhumateng penegakan hukum, kabecika lan keadilan prajurit, saged ugi minangka perwira ingkang gagah berani. Kelompok punika kalebet pamimpin negara, pimpinan lembaga utawi tokoh masyarakat amargi tugasipun saperlu njamin kaciptanipun kabecika, kasaénan, keadilan, katentreman lan keamanan ing lingkungan masyarakat, bangsa lan negara.

Ksatriya ing Pewayangan[sunting | sunting sumber]

Puntadewa[sunting | sunting sumber]

Inggih punika Raja ing Amarta utawi Indrapasta. Sasampunipun perang Bharatayuda Puntadewa dados raja ing Astina kanthi gelar Prabu Kalimataya. Puntadewa kagungan julukan antawisipun : Darmawangsa, Darmakusuma ,Kantakapura, Gunatalikrama, Yudistira, lan Sami Aji. Priyantun ingkang jujur, saréh, suci, luhur, remen tinulung, tresna tumrap tiyang sepuhipun saha njagi sedhérék-sedhérékipun. Gadhah pusaka kanthi aran Jamus Kalimasada, ingkang paédahipun saged dados pituduh lan pinulung tumrap kesaénan lan kasejahteraan. Puntadewa gadhah garwa kalih inggih punika Dewi Drupadi lan Dewi Kuntulwilaten.[2]

Bratasena[sunting | sunting sumber]

Nalika dewasa asmanipun Werkudara, inggih punika ksatria Jodipati lan Tanggulpamenang. Naté dados raja Giliwesi kanthi gelar Prabu Tuguwasesa. Kagungan julukan antawisipun : Bima, Bayusutu, Dandun Wacana, Kusuma Waligita. Piyantun ingkang jujur, boten gumedhé, suci, manut tumrap gurunipun (utaminipun Dewaruci)l, tresna tumrap ibu saha sedherekipun. Nalika perang gadhah jargon “Menang, nalika kalah ateges mati”. Kagungan kalih prameswuri inggih punika: Arimbi lan Nagagini. Kaliyan Arimbi pikantuk putra inggih punika Gatotkaca. Saking Nagagini angsal putra kanthi asma Antasena.[3]

Arjuna[sunting | sunting sumber]

Inggih punika Ksatria Madukara, raja Tinjomaya ugi. Kagungan julukan ingkang kathah antawisipun : Janaka, Parta, Panduputra, Kumbawali, Margana, Kuntadi, Indratanaya, Prabu Kariti, Palgunadi, Dananjaya. Priyantung ingkang remen lung tinulung, remen tapabrata, cerdik lan pinter, ahli ing kabudayan lan kesenian. Arjuna inggin punika ksatria ingkang sekti mandraguna. Kekasining para Dewa, panjalmaning Dewa Wisnu. Kagungan garwa ingkang kathah kamangka kagungan julukan “Lelananging jagad”, kagungan paras ingkang gagah lan boten wonten tandhinganipun. Prameswarinipun ing Arcapada yaiku Wara Sumbadra lan Wara Srikandi. Lan prameswari ingkang sanesipun inggih punika Rarasati, Sulastri, Gandawati, Ulupi, Maeswara, lsp.[4]

Nakula[sunting | sunting sumber]

Inggih punika putra kapapat Prabu Pandu Dewanata kaliyan Dewi Madrim ingkang lair sesarengan kaliyan Sadewa. [5]

Sadewa[sunting | sunting sumber]

Putra kaping gangalipun Prabu Pandu kaliyan Dewi Madrim, dilairaken sesarengan kaliyan Nakula.[6]

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ (id) Dharam Vir Singh (Alih Basa Dening I. G. A. Dewi Paramitha, S. S. (2006). Hinduisme Sebuah PengantarISBN: 978-979-722-399-1. Surabaya: Penerbit Paramita.
  2. ^ [1]
  3. ^ [2]
  4. ^ [3]
  5. ^ [4]
  6. ^ [5]
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ksatriya&oldid=863390"