Komèt Lulin
Komet lulin (C/2007 N3) yaiku komet kang duweni buntut loro kang padha tinampikan.[1] Wiwitane, komet lulin (C/2007 N3) dideteksi minangka asteroid dening pengamat kang ana ingbumi taun 2007.[1] Nanging ing pengamatan candhake, nalika komet mau nyedhaki srengenge wiwit katon sirahe komet.[1] Komet iki kabentuk saka awu, ion asil penguapan lan ionisasi inti komet.[1]
Panemu [sunting]
Komet lulin ditemokake tanggal 11 Juli 2007 dening Quanzhi Ye, sawijining mahasiswa umur 19 taun saka Sun Yat-sen University, China.[2] Foto komet lulin dijupuk dening Chi Sheng Lin saka National Central University, Taiwan kanthi nggunakake teleskop kanthi diameter 16 inci.[2]
Pengamatan [sunting]
Komet lulin kagolong komet kang paling ora padhang, mula dibutuhake sawijining binokuler kanggo bisa ngematake.[2] Nanging, nalika komet iki sansaya cedhak karo arah bumi, mula katon sansaya padhang.[2] Komet lulin berwarna kehijauan karena kandungan ion-ionnya.[2] Tanggal 10 Januari 2009, komet iki ngancik titik paling cedhak karo srengenge ing jarak 182 km.[2]