Kali Alabama
Kali Alabama, ing negara bagéan Alabama, Amérika Sarékat, kuwi kawangun déning Tallapoosa lan Coosa, kang nyawiji watara 6 mil sakdhuwuré Montgomery.
Kali iki mili mangulon tumuju menyang Selma, banjur mangidul nganti, watara 45 mil (72 km) saka Mobile, lan nggabung karo Tombigbee, dadi Mobile lan Tensaw rivers, lan pungkasané mlebu menyang Pesisir Mobile.
Iliné kali ini akèh mènggak-ménggoké. Ambané watara 200 nganti 300 m, lan jeroné antara 1 nganti 2 m). Dawané kali iki diukur kanthi survé geologi yakuwi 502 km, lan kanthi pangukuran steamboat yakuwi 676 km.
Kali iki mili ngliwati tlatah tetanèn lan alas ing negara bagéan Alabama, lan ril sepur ngubungaké karo tlatah panambangan ing Alabama Lor-tengah.
Kali iki wigati banget tumrap tuwuhing ekonomi ing tlatah iki jroning abad ka-19 minangka sarana transportasi barang. Kali iki isih dipigunakaké kanggo ngangkut kasil tetanèn nanging ora pati wigati kaya jaman biyèn marga anané jaringan dalan lan ril sepur. Kali Alabama, Coosa, lan Tallapoosa minangka papan dunungé suku Indian Creek sadurungé dipindhahaké ing wiwitan abad ka- 19.
Pranala jaba [sunting]
- Allrefer.com
- Alabamamilebymile.com Fitur lan pta online Kali Alabama. (Dead link 2007-04-28)