Jejudo
| Jeju | |
|---|---|
| Lokasi | |
![]() |
|
| Jeneng basa Korea | |
| Hangul: | 제주특별자치도 |
| Hanja: | 濟州特別自治道 |
| Alihaksara Anyar: | Jeju Teukbyeol Jachi-do |
| McCune-Reischauer: | Cheju T'ŭkpyŏl Chach'ido |
| Data lan statistik(2004) | |
| Jembar: | 1 845,55km² |
| Pedunung: | 560 000 jiwa |
| Kapadhetan: | jiwa/km² |
| Pamérangan administratif: | 2 si |
| ISO 3166-2: | |
| Situs resmi: | http://www.cyber.jeju.go.kr/ |
Jejudo utawi ingkang dipunsebat Pulo Jeju inggih punika pulo vulkanik, 130 km kidul saking garis pante Korea. Jejudo inggih punika pulo paling ageng lan provinsi ingkang paling alit ing Korea. Wiyaripun lumahing pulo inggih punika 1.846 km2. Paningalan ingkang utami ing Jeju inggih punika Hallasan, gunung ingkang paling ngingggil ing Korea Kidul lan gunung berapi aktif, ingkang nginggilipun 1.950 m dpl. 360 gunung berapi satelit dhaerah gunung berapi utami.[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Paningalan ing Jejudo
Jejudo ingkang dumunung ing pungkasan Semenanjung Korea lan mboten tebih saking negara Jepang. Jejudo gadhahi paningalan ingkang endah saking tebing-tebing nginggil, segara, padang kembang, lan padang wana ingkang wiyar. Jejudo eksotis amargi iklim saking daratan Asia lan 4 musim ingkang saged damel sekar-sekar ingkang asri sami kaliyan dhaerah subtropis. Tuladha sekar ingkang werni-werni, ingkang utami jeruk seogwipo ingkang wentukipun alit, ananging manis.
[sunting] Galeri
[sunting] Wisata ing Jejudo
Ing Jejudo wonten papan-papan wisata ingkang sae inggih punika:
- Gunung Hallasan, ingkang dumunung ing tengah-tengah saking Jejudo punika gadhahi kaendahan ingkang sae. Kaendahan gunung punika saged dipuntingali ing wekdal musim atis, sawekdal wonten salju ingkang mandhap.
- Pante Jungmun, panggenanipun boten tebih saking Jeju Jungmun Resort. Pante ingkang gadhahi wédhi ingkang werni-werni tuladha, cemeng, pethak lan abrit. Pante punika sepen, ananging pante punika dados lokasi syuting film ingkang sae.
- Muséum Haenyeo, dipundamel amargi gadhahi sejarah tiyang-tiyang wadon ingkang dados panyelem. Tiyang-tiyang wadon punika badhe mundhut mutiara lan kerang ing laut. Haenyeo piyambak ing basa Korea ateges Penyelem Wadon.[2]
[sunting] Cathetan Suku
- ↑ (id)www.new7wonders.com(dipuntingali tanggal 26 September 2011)
- ↑ (id)www.anneahira.com(dipuntingali tanggal 26 September 2011)
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
