Harry Coover
Harry Coover yaiku penemu lem super. [1]Lem yaiku bahan kang gunakake kanggo nempleake sawijining barang.[1] Ing taun 1750, hak paten lem kang wiwitan, dutujokake ana ing Inggis.[1] Nalika kuwi, lem digawe saka iwak.[1] Lem banjur dadi bahan renbugan dening masarakat.[1] Ing jaman kuno, lem duweni daya templek kang kuwat kang diarani lem super.[1] Lem kang bahane sintesis, diarani cyanoacrylate ditemokake tanpa sengaja dening Coover ing taun 1951 nalika dheweke nyambut gawe ana ing Laboratorium Paneliten Kodak kang dhuweke George Eastman.[1] Lem gaweane Coover minangka materi unik kang durung dikenal sadurunge.[1] Saiki, lem gaweane Coover digunakake dening pabrik lan rumah tangga. [1]Harry Coover yaiku sawijining doktor lulusan ''Trinity Collage'', Dublin, Irlandia.[1] Nalika nemokake lem, dheweke nyambut gawe karo kanca nyambut gawene yaiku Fred Joyner nalika ana ing Loboratorium Kodak. [1]Dheweke gawe piranti kanthi bahan cyanoacrylate.[1]
Coover nguji kekuwatan cyanoacrylate minangka tutupmotor jet, dene Joyner nggunakake kanggo lensa film. [2]Jebul, kekerone bisa nemplek. [2]Sanajan ditarik kanthi temenan, nanging barang mau ora bisa pedhot.[2] Ngerti kedadeyan mau, sakloron nggunanake cyanoacrylate minangka bahan kanggo gawe lem. [2]Taun 1958, Coover kasil anggone ngrampungake usaha gawe lem. [2]Coover nampa medali saka Anne Chasser, Komisaris Badan Hak Paten Amerika Serikat, lan bebungah saka Rick Nydegger, Presiden Lembaga Para Penemu Dunia. [2]
