George Eastman
| George Eastman | |
|---|---|
| Lair | 12 Juli 1854 Waterville, New York, U.S. |
| Tilar donya | 14 Maret 1932 (umur 77) Rochester, New York, U.S. |
| Pasaréyan | Ashes buried at Kodak Park |
| Kabangsan | American |
| Pagawéyan | Businessman, inventor, philanthropist |
| Dikawruhi amarga | Photography pioneer, Founder of Eastman Kodak |
| Wong tuwa | George Eastman (1815-1862) & Maria Kilbourn (1821-1907) |
George Eastman yaiku penemu kodak. [1]George Eastman lair tanggal 12 Juli 1854 ing Waterville, cedhake New York, Amerika Serikat.[1] Kulawargane dheweke kagolong mlarat. [1] Nalika dheweke isih enom, dheweke nyambut gawe minangka pegawai arsip.[1] Sawise nyambut gawe, Eastman sinau kuntansi.[1] Nalika umure 24 taun, dheweke nyambut gawe minangka pegawe yunior ing sawijining bank.[1] Sawijining dina, Eastman lunga menyang Santo Domingo, kepuloan Karibia, saperlu cuti.[1] Dheweke dikon kancane supaya ndokumentaseake cutine mau sarana poto. [1] Nalika kuwi, piranti fotografi angel ditemokake amarga ukurane kang gedhe. [1]
Nalika taun 1880, Eastman kasil anggone matenake panomone yaiku kodak, kang digawe ana ing pawone ibune. [2]Ing sasi Juni taun 1888, potone mau diarani kodak. Akah wong kang takon ngenani mula bukane jeneng Kodak. Aku ngarang dhewe jeneng mau. Aku seneng banget karo hurup K, yen dirungokake rasane manteb. [2] Banjur aku ngotak-atik hurup K mau supaya ana ing wiwitane tembung lan ana ing pungkasane tembung, ngana wangsulane Eastman. [2]Pancen bener, sawise poto mau dijenengi Kodak, akeh won kang kepencut karo Kodak.[2] Kodak tansah laris ing masarakat nganti Eastman dadi wong kang sugih lan misuwur. [2]Senajan kaya ngana, Eastman tetep dikenal minangka wong kang gemi, lan seneng tetulung.[2] Eastman tinggal donya tanggal 14 Maret 1932. [2]