Haddad Alwi
| Haddad Alwi | |
|---|---|
Haddad Alwi |
|
| Lair | 13 Maret 1966 (umur 47) |
| Pagawéyan | Penyanyi |
| Taun aktif | - sekarang |
| Garwa | Atina Riawati (cerai) |
| Anak | Yasmin Hadad Assegaf |
Haddad Alwi (lair ing Jakarta, 13 Maret 1966; umur 47 taun), kuwi penyanyi religi Islam saka Indonesia.[1] Hadad Alwi penyanyi tetembangan religi Islam, albumé kang kondhang anduweni judul CINTA RASUL kang dirilis bareng karo penyanyi Sulis. [1] Album iki dadi album religi kang sukses nganti diproduksi ning macem-macem versi lan jumlahé. [1]
Uga tau duet karo penyanyi liyané, kayata Gita Gutawa lan Tasya , Hadad Alwi tau ngerilis album kang diwenehi judul Jalan Cinta 2, kang isiné 10 tetembangan sing dadi single andalané yaiku tembangan kang diwenehi judul Salam Ramadhan.[1]
Ning kauripané, Haddad Alwi cerai karo garwané, yaiku Atina Riawati, kang uga dadi penyanyi religi.[1] Sakloroné cerai ning akir 2005 sawisé patang taun wis urip bebarengan. [1] Dikaruniai anak wadon kang diwenehi jeneng Yasmin Hadad Assegaf.[1] Ananging, dingerteni sawisé cerai karo Haddad Alwi, Atina Riawati ngudhar jilbab. [2] Atina Haddad Alwi kang mbuka bisnis salon kuwi, anduweni pamikiran kang positif kanggo awaké dhewe.[2]
Album [sunting]
Album-album dening Haddad Alwi[1] :
- Cinta Rasul
- The Way of Love (Jalan Cinta) - 2004
- Jalan Cinta 2 - 2006
- 12 Lagu Pilihan - 2009
- Muhammad Nabiku - 2010