Gilles de Gennes
Gilles de Gennes yaiku penemu LCD.[1] LCD yaiku singkatan saka Liquit Crystal Display. [1]De Gennes lair ing Paris, Prancis taun 1932.[1] De Gennes kuliyah ana ing sekolah Ecole Normale Superieure School.[1] Dheweke wiwitan nyambut gawe minangka ahli magnet lan nyebarake neutron.[1] Banjur dheweke ngalih ana ing perusahaa Supraconductor, lan pungkasane nyambut gawe kang ana gegayutane karo liquit crystal nganti dheweke kasil anggone nemokake LCD.[1] Liquit Crystal Display ateges tampilan kristal encer. [1]
LCD ini minangka campuran antarane barang encer lan padhet. [2]Dheweke tau diwisudha minangka panampa Nobel Fisika nalika taun 1991. [2] Wisudhan iki sacara ora langsung ndadekake dhewekw dadi Isaac Newton ing abad iki.[2] Presiden Nicolas Sarkozi nggambarake De Gennes minangka ilmuwan kang paling apik dhewe kang ana ing Prancis. [2]Perdana Mentri yaiku Francois Fillon ugu nggunggung Gennes minangka pribadhi kang gemi kang gelem menehi sumbangan kanggo majuning paneliten ing negara kasebut.[2] Nalika nindakake konfrensi taun 2002, dheweke kandha menawa sawijining dina, kita bakal bisa nyiptakake sawijining montor mabur kang digawe saka lem dudu paku.[2] Nanging perkarane yaiku dheweke durung tau ngerti kepiye carane lem mau bisa nemplek karo kang dilemi. [2]Gilles de Gennes tinggal donya nalika dina Selasa, tanggal 22 Mei 2007. [2]
