Garfield
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Garfield iku sawijining komik strip karya Jim Davis sing nyaritakaké ngenani Garfield minangka tokoh utama sing arupa sawijining kucing ingonané Jon Arbuckle. Tokoh liyané yaiku Odie, sawijining asu sing kurang lantip. Nalika taun 2006, komik strip iki dilisènsikaké ing watara 2.570 koran lan kalawarti sarta nyekel rékor ing Guinness World Record minangka komik strip sing paling wiyang dilisensikaké ing donya.[1] Jeneng Garfield dijupuk saka jeneng simbah kakungé Jim, James Garfield Davis, sing biyèn jenengé dijupuk saka jeneng Présidhèn Amérika Sarékat James Garfield.
Bab lan Paragraf |
Latar [sunting]
- Sofa ing ngarep télévisi
- Jendhéla omah
- Ndhuwur méja
- Njaba omah
- Wit
- Pesisir
- Papan praktik dokter kéwan
- Paternakan
Karya liya [sunting]
- Kumpulan komik Garfield diterbitaké minangka kumpulan saka apa sing diterbitaké ing koran.
- Film Garfield: The Movie kanthi bintang Breckin Meyer, Jennifer Love Hewitt, lan Bill Murray minangka swarané Garfield.