Frederick Denison Maurice
| Frederick Denison Maurice | |
|---|---|
| Lair | 29 Agustus 1805 Normanton Suffolk |
| Tilar donya | 1 April 1872 (umur 66) |
| Pagawéyan | Teolog, Tokoh Sosialis |
John Frederick Denison Maurice (1805-1872) yaiku sawijining teolog Inggris lan uga dadi tokoh pemimpin gerakan sosialis.[1] Dheweke ditahbiske nalika taun 1834, dheweke uga dadi tokoh kang misuwur ana ing babagan intelektual lan sosial ing Kutha London.[2] Dheweke uga melu menehi sumbangan ana ing babagan pendidikan ing Queen's College kanggo pendidikan perempuan (1848), lan Men's College (1854).[2] Nalika taun 1853 dheweke ngetokake esai-esai teologi lan uga melu ana ing Gerakan Kristen Sosialis.[2] Kanggo Maurice, gagasane kang ngenani Kerajaan Kristus (The Kingdom of Christ) dudu ngenteni tekane Kristus kang kaping lorone nanging realita iki wis ana ing sejarah manungsa.[2] Etika lan teologi moral kang duwe peran penting ana ing karya-karya tulise kang isine luwih akeh perhatiane marang iman Kristen lan kehidupan moral.[2] Ana ing The Kingdom of Christ, tulisane kang paling misuwur, Maurice menehi argumen yen persekutuan manungsa padha manungsa dadi ekspresi lan cerminan saka persekutuan manungsa karo Allah.[2] Persekutuan manungsa padha manungsa kang rusak, nyebabake rusake uga hubungan antarane manungsa karo Allah.[2]