Flu babi
Flu babi (Basa Inggris: Swine influenza viruses utawa SIV) iku ngarujuk marang kasus influenza sing disebabaké déning Orthomyxoviruses endemic jroning populasi babi.
Strains SIV sing dikenali nganti dina iki diklasifikasèkaké minangka Influenzavirus C utawa salah siji saka werna-werna subtipe saka genus Influenzavirus A.[1]
Flu babi nulari manungsa saben taun lan umumé marang wong sing sesénggolan karo babi, senadyan ana uga kasus panularan liwat manungsa.[2] Gejalané klebu: nggreges (demam}, disorientasin, sendhi krasa kaku, muntah, lan ora sahar nganti tumekaning pati.[3] Virus Influenza A sub tipe H1N1, H1N2, H3N1 lan H3N2 dikenali minangka panyebab infeksi SIV.[4][5] lan H2N3.[6] Ing taun 2005 ditemokaké H5N1 nulari setengah saka populasi babi ing sawetara panggonan ing Indonesia, ananging tanpa nyebabaké gejala.[rujukan?] Chairul Nidom, sawijining virologist saka Universitas Airlangga babagan penyakit tropis ing Surabaya, Jawa Wétan, nganakaké riset mandhiri; ngetès getih saka 10 babi sing katon séhat dikandhangaké cedhak peternakan pitik ing Jawa Kulon sing kena wabah flu burung, Nature nglapuraké.[rujukan?] Lima saka sampel babi ngandhut virus H5N1. Pamaréntah Indonesia wiwit dina kuwi nemokaké asil sing padha ing sawetara dhaérah liya. Tès tambahan 150 babi ing sajabanè tlatah mau asilé negatif.[7] [8]
Referensi [sunting]
- ^ Veterinary Sciences Tomorrow artikel Swine influenza: a zoonosis déning Paul Heinen tanggal 15 September 2003 mratélaké "Virus influenza B lan C sacara nyata wis ditemokaké (isolated) ing manungsa, senadyan virus influenza C uga wis ditemokaké ing babi lan influenza B anyar iki ditemokaké ing singa segara (seals)."
- '^ [1] Richard Besser ing artikelé More cases of swine flu reported; WHO warns of 'health emergency déning Mayra Cuevas, Ann Curley, Caleb Hellerman, Elaine Quijano lan Susan Candiotti tanggal 25 April 2009
- ^ "World Health Organization: Swine flu could spread globally", CNN.com. diaksès tanggal 2009-04-25.
- ^ http://www.vetmed.iastate.edu/departments/vdpam/swine/diseases/chest/swineinfluenza/ Swine Diseases (Chest) - Swine Influenza], Iowa State University College of Veterinary Medicine
- ^ eurekalert Tips saka Journal of the American Society bab Mikrobiologi - Novel H3N1 Swine Influenza Virus ditemokaké ing babi ing Koréa
- ^ PNAS Published online before print December 18, 2007, doi: 10.1073/pnas.0710286104 PNAS December 26, 2007 vol. 104 no. 52 20949-20954
- ^ CIDRAP article Indonesian pigs have avian flu virus; bird cases double in China published May 27, 2005
- ^ http://www.cidrap.umn.edu/cidrap/content/influenza/avianflu/news/mar3109swine-jw.html March 31, 2009 report on Pigs as carriers