Film Porno
Film porno yaiku film kang mlebu kategori film kang ngandhung unsur eksploitasi hubungan seksual lan aurat manungsa.[1] Film porno kuwi bagéyan kang tabu kanggo diomongké, apa manèh ing donya sisih wétan.[1]
Film porno didol lan diséwaké ing bentuk DVD, ditampilké ing internet lan tivi khusus lan saluran tivi bayar-per-tayang ing tivi kabel lan tivi satelit, lan uga ditayangké ing bioskop déwasa.[1]
Film porno metu ora suwé sawisé ditemokaké film ing wiwitan 1900-an.[1] Film porno padha persis karo bentuk pornografi lan erotisisme liyané.[2] Jeneng liya saka film porno yaiku "film dewasa" lan "film biru".[2] Umumé , "softcore" yaiku pornografi kang ora ngétokaké penetrasi utawa fetish kang èkstrim, banjur "hardcore" kuwi luwih ning pornografi kang ngètokakè penetrasi lan fetish kang èkstrim.[2]
Film porno kuwi bisnis kang subur subur lan nguntungké, miturut artikel Reuters taun 2004, nyebutaké yèn "industri multi-miliaran dolar iki mproduksi sekitar 11.000 judul DVD saben taun, banjur ndadikaké industri kang kuat....".[2] Film porno saiki dibagi miturut sub-genre jenis kelamin pemainé, jenis hubungan seksual kang ditampilké, lan penonton kang dituju.[2]