Fan Bingbing

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Fan Bingbing
Fan Bingbing.jpg
Fan Bingbing ing Cannes Film Festival 2010
Jeneng Cina 范冰冰
Pinyin Fàn Bīngbīng (Mandarin)
Jyutping Faan6 Bing1 Bing1 (Kanton)
Leluhur Yantai, Shandong, China
Pakaryan Aktris, penyanyi
Taun aktif 1996 - saiki

Fan Bingbing 16 September 1981 (umur 30) dhèwèké kuwi aktris lan penyanyi saka China. Dhèwèké tau sekolah ing Shanghai Xie Jin's Star School lan Shanghai Theatre Academy.[1]

Ing taun 1997, Fan wiwit munggah kariré amarga meranaké paraga ing film kang judhulé "Princess Pearl".[1] Awit kuwi kariré tambah suksès saéngga dhèwèké wiwit kebanjiran tawaran kanggo main ing film-film lan sérial télévisi.[1] Dhèwèké uga dadi salah sijining artis kang paling kondhang ing dhaérah China.[1] Sawisé suksès amarga karir aktingé, Fan uga wiwit ngrilis album, metu ing samak kalawarti, lan dadi juru omong ing mèrek prodhuk komersil.[1]

Ing taun 2007, Fan mbukak studhio dhéwé, kang diwènèhi jeneng Fan Bingbing Workshop. [1] Filmé kang kaping pisanan diprodhuksi studhio kasebut yaiku "Rouge Snow", kang sawisé kuwi disusul karo ngrilis "Jin Da Ban De Zuihou Yiye" ing taun 2008.[1] Sawisé kuwi dhèwèké mbukak sekolah seni ing Huairou, Beijing. Ing sekolah kasebut, dhèwèké njabat dadi kepala sekolahé.[1] Émané sekolah kasebut ora temenanan dikelola déning dhèwèké, mula wong tuwané kang ngurusi sekolah kasebut.[1] Dhèwèké uga dadi pamimpin ing klompok akting kang jenengé West Movie Group kang sawisé kuwi kondhang kanthi jeneng Chinané Monica Bellucci.[1]

Ing taun 2010, Fan Bingbing olèh peran ing film Koréa. Film kasebut nyaritakaké babagan Perang Donya kaping II, dijudhuli "My Way".[2] Mainaké peran bebarengan karo Jang Dong Gun, lan aktor Jepang, Odagiri Joe.[2] Diarahaké déning sutradhara Kang Je Gyu.[2] Critané babagan tentara Koréa kang direkrut Jepang kanggo dadi wadyabala perang nglawan Jerman ing Perang Donya II.[2] Fan meranaké wanita China kang seneng karo tentara Koréa nalika ketemu ing China.[2] Film iki bakal njupuk gambar ing Koréa Kidul, China, Rusia lan Prancis.[2]

[sunting] Cathetan sikil

  1. a b c d e f g h i j (id)Biografi Fan Bingbing diundhuh tanggal 17 Agustus 2011
  2. a b c d e f (id)berita Fan Bingbing diundhuh tanggal 17 Agustus 2011

Cithakan:Bio-rintisan

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Fan_Bingbing&oldid=676047"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès