Falafèl
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Asal | |
|---|---|
| Daérah asal: | Mesir |
| Katrangan cekak | |
| Disajèkaké minangka: | kudhapan utawa panganan utama |
| Suhu: | panas |
| Ingrèdièn utama: | kacang Arab |
| Variasi: | akèh |
| Informasi liya: | populèr ing Wétan Tengah (kalebu Israèl), Eropah lan Amérika Lor |
Falafèl iku sawijining panganan Wétan Tengah. Panganan iki digawé saka kacang sing digiling lan banjur digawé dipenet nganthi padhet lan digorèng ing lenga panas.
Falafel biasané disajèkaké ing sawijining roti sing mèmper pita lan diarani lafa, dilebokaké sajroning roti. Ing akèh negara, falafèl didol minangka panganan siap saji sing populèr. Bundheran falafèl, biasané ditambahi mawa salada, acar, sayuran asinan lan sambel. Ing sasi Ramelan, falafèl kerep dipangan minangka panganan buka.