F-22 Raptor
| F-22 Raptor | |
|---|---|
| F-22 ing pangkalan udara Langley. | |
| Tipe | Montor mabur tempur siluman |
| Produsen | Lockheed Martin Aeronautics Boeing Integrated Defense Systems |
| Pisanan mabur | 19 November 1990 |
| Dikenalaké | 15 Desember 2005 |
| Status | Aktif |
| Pemakai | Amerika Serikat |
| Rega satuan | US$120 juta (2006)[1] |
| Varian | X-44 MANTA FB-22 |
F-22 Raptor inggih menika montor miber tempur siluman damelanipun Amérika Serikat.[1] Montor mabur menika wiwitanipun dipunrencanakaken kagem montor mabur superioritasingkang badhe dipunginakaken kagem ngadhepi montor mabur tempur saking Uni Soviet.[1] Montor mabur menika dipunrencanakaken dados montor mabur Amerika Serikat ingkang paling canggih wonten ing abad kaping-21, amargi menika, montor mabur menika kalebet montor mabur ingkang paling awis reginipun, reginipun US$120 juta per unit, utawi US$361 juta per unit menawi dipuntambahaken kaliyan pengembanganipun.[1] F-22 versi prodhuksi wiwitanipun dipunkirim dhateng Pangkalan Udara Nellis, Nevada, ing tanggal 14 Januari 2003.[1] Pengetesan lan evaluasi pungkasan dipunlaksanakaken ing tanggal 27 Oktober 2004.[1] Wonten ing pungkasanipun taun 2004, sampun wonten 51 raptor ingkang dipunkirim.[1] Kadaden ancuripun versi prodhuksi wiwitanipun wonten nalika tanggal 20 Desember 2004 nalikanipun lepas landas, sang pilot saged slamet sasampunipun eject saderengipun dhawah.[1] Investigasi dhawahipun montor mabur menika saged nyimpulaken bilih interupsi tenaga wekdal mejahaken mesin saderengipun lepas landas saged damel risakipun sistem kontrol.[2]
Samenika montor mabur modern ing Kilen sampun ngginakaken piranti-piranti ingkang saged damel susah nalikanipun dipundheteksi dening radar, kados ngginakaken material penyerap radar.[3] F-22, ngginakaken material penyerap radar, sanesipun menika wujudipun F-22 dipunrancang kanthi khusus, lan tliti.[3]
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b c d e f g h "FY 2007 Budget Estimates." Angkatan Udara Amerika Serikat. Juni 2011.
- ^ (en)F-22 Raptor Flight Test(dipunundhuh tanggal 14 Juni 2011)
- ^ a b (en)Juni|accessyear=2011|publisher=globalsecurity.org(dipunundhuh tanggal 11 Juni 2011)
Pranala Njawi [sunting]
- Situs resmi proyek
- F-22 Raptor ing situs fighter-planes.com
- F-22 Raptor Laporan Kongres Amerika Serikat, 5 Januari 2005
- Sejarah program F-22
- Wawancara kaliyan tes pilot F-22, Paul Metz, 1998
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.