F-16 Fighting Falcon
| F-16 Fighting Falcon | |
|---|---|
| F-16 kagunganipun negari Walanda ing nginggiling dhaerah Balkan | |
| Tipe | Pesawat tempur |
| Produsen | General Dynamics Lockheed Martin |
| Pisanan mabur | 2 Februari 1974 |
| Dikenalaké | 17 Agustus 1978 |
| Status | Aktif |
| Pemakai | Amerika Serikat 24 negara sanesipun |
| Cacah digawé | langkung saking 4.000 |
| Rega satuan | US$18,8 juta (1998) |
| Varian | General Dynamics F-16XL Mitsubishi F-2 |
F-16 Fighting Falcon inggih menika jet tempur multi-peran ingkang dipunprodhuksi dening General Dynamics (lajeng dipunakuisisi dening Lockheed Martin), ing Amerika Serikat. Montor mabur menika wiwitanipun dipundamel minangka pesawat tempur ringan, lajeng evolusi dados montor mabur tempur ingkang misuwur ing donya.[1] Montor mabur F-16 saged dipunangge ing pundi kemawon misi, kaunggulan menika ingkang damel F-16 sukses ing pasar ekspor, lan sampun dipunangge wonten ing 25 negari sasanesipun Amerika Serikat. [1] Montor mabur menika sampun misuwur sanget ing jagad internasional lan dados proyek montor mabur saking Amerika serikat ingkang paling ageng lan signifikan, kanthi sampun watawis 4000 F-16 sampun dipunprodhuksi awit tau 1976. Samenika montor mabur menika boten diprodhuksi kagem Angkatan Udara Amerika Serikat, ananging namung dipunprodhuksi kagem èkspor kemawon.[1] Fighting Falcon menika pesawat tempur kanthi pinten-pinten inovasi. Inovasi kasebat kados: (1) gelembung kanopi boten mawi bingkai, (2) visibilitas kontrol ingkang dipunrancang supados sae nalikanipun manuver, (3) papan kagem lenggah pilot ingkang dipunrancang kanthi ukran 30 drajat saéngga saged ngirangi èfèk grafitasi, lan sanèsipun. Kaunggulan pesawat menika inggih menika saged mabur banter sanget lan gesit.[2]
Pranala Njawi [sunting]
- (en) F-16 Fighting Falcon
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b c (en)F-16 Fighting Falcon(dipunundhuh tanggal 19 Juni 2011)
- ^ (en)"Company Histories – Lockheed Martin Corporation."(dipunundhuh tanggal 19 Juni 2011)
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.