Emiliano Zapata
| Emiliano Zapata Salazar | |
|---|---|
Jèndral Emiliano Zapata |
|
| Lair | 8 Agustus 1879 Anenecuilco, Morelos, Mèksiko |
| Pati | 10 April 1919 (umur 39) Chinameca, Morelos, Mèksiko |
| Organisasi | Liberation Army of the South |
| Agama | Katulik Roma |
Emiliano Zapata Salazar (lair ing Morelos, kidul Meksiko, 8 Agustus 1879 – tilar donya 10 April 1919 kanthi yuswa 39 taun) arupi salah satunggil pamimpin salebetipun Révolusi Mèksiko nglawan diktator Porfirio Díaz ingkang kelampahan nalika taun 1910.
Emiliano Zapata dipunanggep minangka satunggiling pahlawan nasional Mèksiko. Kutha, dalan, ugi perumahan ing Mèksiko asring dipun paringi nami "Emiliano Zapata" lan potrèt tokoh puniki ugi naté dipunpasang ing arta peso Mèksiko. Gerakan révolusionèr Tentara Pambebasan Nasional Zapatista ingkang muncul wiwit taun 1994 ing Mèksiko ugi mundhut naminipun saking Emiliano Zapata.
Latar wingking [sunting]
Zapata dipunwiyosaken ing nagari bagéyan Morelos ing kidul Mèksiko minangka katurunan campuran Indian-Spanyol. Panjenenganipun aktif mbéla hak-hak pedunung Indian ing Morelos ingkang pikantuk tindakan kirang adil saking para tuwan tanah salebetipun sistem hacienda. Salaminipun mataun-taun panjenenganipun ngupados nyengkuyung hak-hak pedunung kasebat, sepindhah kanthi migunakaken prajanjian kuna Indian kanggé ngrampungaken pasulayan agraria, dumugi ndhesek gubernur negara bagéyan kanggé mundhut tindakan. Pungkasanipun, amargi rumaos pamaréntah tumindak alon sanget lan langkung mihak para tuwan tanah, Zapata wiwit mbentuk angkatan bersenjata ingkang mundhut alih tlatah-tlatah pasulayan.
Pranala njawi [sunting]
| Wikiquote anggadhahi kolèksi kutipan ingkang magepokan kaliyan: |