Ebisu (mitologi)
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 72 dinten 842 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Ebisu (えびす, 戎, utawi 恵比須?) inggih menika salah satunggaling Kami wonten ing kapitadosan tiyang Jepang. Tegesing tembung "Ebisu" utawi "Emishi" menika tiyang ingkang dugi saking segara, tiyang ingkang kesah tebih, utawi tiyang ingkang dugi saking papan ingkang tebih. Nama Ebisu menika kaserat mawi aksara kanji 夷, 胡, 蛭子, 恵比須, utawi 恵美須. Wonten ing rakyat Jepang, Ebisu kondhang kanthi sebatan Ebessan (えべっさん?), ugi kawéntar minangka dewa keberuntungan kagem para pedagang, pengusaha, lan nelayan [1].
Bab lan Paragraf |
Asal-usul [sunting]
Wonten ing jaman samenika, Ebisu dipunpitadosi minangka salah satunggali saking Pitung Dewa Kabegjan (Tujuh Dewa Keberuntungan) [2]. Ananging sejatosipun, kapitadosan kasebut nembé dipunwiwiti saking pungkasan zaman Heian. Asal-usul Ebisu menika ewet sanget, paling boten wonten tigang andharan babagan indentitas lan asal usulipun Ebisu. [3]
- Ebisu menika lare Izanami lan Izanagi ingkang anama Hiruko no mikoto (蛭子命?). Piyambakipun wiyos kanthi suku kalih ingkang cacat saengga sisah anggenipun mlampah. Hiruko minggah ing prahu lajeng dipunkenteraken dhateng segara dening tiyang sepuhipun. Arus segara lajeng mbeta prahu dumugi ing Nishinomiya. Bibas sampun dewasa, Hiruko dados dewa kabegjan kagem para nelayan lan pedagang. Samenika dipunmulyakaken minangka Ebisu ing Kuil Nishinomiya, Prefektur Hyogo.
- Ebisu menika Sukunahikona kanthi awak ingkang alit, kirang langkung namung sedriji. Sareng kalihan Ōkuninushi (Daikoku-san), Sukunahikona ngubengi Jepang kanggé mbikak lahan lan pamukiman énggal. Kejawi menika, piyambakipun pinter manggihaken sumber toya panas kanggé dipundamel padusan toya panas (pemandian air panas). Wonten ing kuil-kuil Ebisu, Sukunahikona lan Ōkuninushi tansah dipunmulyakaken kanthi jejeran.
- Ebisu menika laré saking Ōkuninushi ingkang kagungan nama Kotoshironushi (事代主神 Kotoshironushikami?). Piyambakipun gadhah tugas minangka juru wicara para Kami.
Perayaan Ebisu [sunting]
Kuil-kuil Ebisu ing wilayah Jepang ngawontenaken perayaan taunan saben tanggal 10 Januari ingkang dipunwastani Tōka Ebisu (十日戎? Ebisu tanggal 10). Perayaan kasebut kalampahan 3 dinten, kawiwitan kalihan Yoi Ebisu (宵戎? malam Ebisu) nalika tanggal 9 Januari lajeng kapungkasan nalika tanggal 11 Januari ingkang dipunwastani Nokori Fuku (残り福? kabegjan ingkang tasih wonten)[4]. Kuil-kuil Ebisu nyade barang-barang minangka lambang kabegjan kadosta Kazari Kumade lan Fukuzasa supados dipunpundhut dening tiyang ingkang gadhah kekajengan tansah begja ing bisnisipun. Dene, Kazari Kumade lan Fukuzasa ingkang sampun dipunpajang nalika setaun ing griya utawi papan usaha kedah dipunbeta dhateng kuil Ebisu supados dipunkonduraken.
Kuil Ebisu ingkang utami [sunting]
Kelompok Hiruko no mikoto [sunting]
Kelompok Kotoshironushi [sunting]
- Kuil Miho, Matsue, Prefektur Shimane
- Kuil Sugawara, Sakai, Prefektur Osaka
- Kuil Imamiya Ebisu, Osaka
- Kuil Ishizu, Sakai, Prefektur Osaka
- Kuil Iwatsuta, Sakai, Prefektur Osaka
- Kuil Ōsaki Ebisu, Mooka, Prefektur Tochigi
Cathetan suku [sunting]
- ^ Myogon Zan Hongaku-Ji Nichiren Shu Indonesia Buddhist Association, (dipunakses tanggal 6 Februari 2013).
- ^ [http://library.binus.ac.id/eColls/eThesis/Bab2/2008-2-00351-JP%20Bab%202.pdf Dewa-dewa Shinto, (dipunakses tanggal 6 Februari 2013).
- ^ "Yaoyorozu no Kamigami". ffortune.net. http://www.ffortune.net/spirit/zinzya/kami/.
- ^ "Ebessan nyūmon". Kotekoteland. http://www.geocities.jp/kotekoteland/ebessan/.
Pranala njawi [sunting]
- (ja) Kuil Imamiya Ebisu