Wangsa Han
|
|||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
Wangsa Han (Hanzi: 漢朝, hanyu pinyin: Han Chao) (206 SM - 220) yaiku salah siji saka telu wangsa kang paling duwé pangaruh ana ing Cina ana ing sadawané sajarah Cina.[1] Wangsa iki dadi wangsa kang ngunakaké dhasar-dhasar nasionalitas Cina kanggo marisi pamanunggalan Cina saka wangsa sadurungé yaiku, Wangsa Qin.[1]
Wangsa Han dhéwé didegaké déning Liu Bang, sawijining petani kang menangaké perang sedulur lawan saingané, Xiang Yu.[2] Wangsa Han iku salah siji wangsa kang paling kuwat ana ing Cina, lan merga pangaruhé kang gedhé, ètnis-ètnis mayoritas ana ing Cina saikiné nyebut dhèwèké kuwi katurunan saka wong Han.[2]
Ana 13 kaisar kang mimpin Wangsa Han sisih Kulon (206 SM - 8) lan uga ana 13 kaisar kang mimpin Wangsa Han sisih Wétan (23 - 220).[2] Antarané taun 8 nganti tekan taun 23 ana sawijining Wangsa Xin kang dadi wates antarané Wangsa Han Kulon lan Wangsa Han Wétan.[2]
Wilayah lan struktur pamaréntahan [sunting]
Sawisé ngalahaké negeri Chu, Liu Bang banjur nggabungaké negeri-negeri liyané kang ana ing Cina lan ngedegaké wangsa Han.[1] Wiwitané, Liu Bang (kaisar Gao) mbagi negara dadi bagéan-bagéan wilayah negara féodhal.[1] Maksudé yaiku kanggo muasaké para pamimpin negeri kang mèlu gabung karo dhèwèké nalika ana ing perang Chu-Han.[1]