Dewi Hughes
Desak Made Hugeshia Dewi ning masyarakat dheweke kondhang karo jeneng Dewi Hughes (lair ing Tabahan, Bali, 2 Maret 1971; umur 42 taun) yakuwi , bintang film, penulis lan aktivis sosial kang asale saka Indonésia.[1] Saiki dheweké lagi sibuk anggoné proyek ning pendidikan donya bocah lan ngadegaké Dewi Hughes Foundation Internasional (DHFI) uga nduweni I-Hughes Scholling, yakuwi lembaga pendidikan kang menehaké pendidikan alternatif.[1] Ora namung kuwi, dheweké kang wis dadi mantan presenter program Angin Malam (RCTI), Mimpi Kali Yee (SCTV) uga nganakaké pendidikan presenter kanggo bocah.[1] Penulis buku Kamu Juga Bisa Jadi Presenter Cilik iki, uga aktif ngomong babagan trafficking (dagang manungsa).[1] Malah, saiki dheweké dadi duta trafficking nasional kanggo mbrantas trafficking ning Indonésia.[1]
Hughes kuwi garwa saka aktivis Roy Imanuel,sawisé nikahané karo Ahmad Hestiafin kang mantan karyawan PT Freeport, Irian Jaya iku gagal dilakoni dening dheweké.[1] Amarga dheweké ngerti menawa minat maca ning Indonésia ana ning tingkat loro paling dhuwur bab buta aksara ning donya.[2] Kanggo gawe bocah remen anggoné maca, Hughes gawe taman bacaan ning mall kang uga nyediani dolanan lan hadhiah supaya akeh sing teka.[2]
Hughes ngerasa menawa buku dongeng kuwi bisa gawe bocah seneng anggoné maca buku.[2] Karo carita kang ora patiya abot lan gambar-gambar kang lucu bakal gawe bocah seneng anggoné maca.[2] Wong tuwa kang sering macakaké dongeng dening anaké uga ana kauntungané kanggo wong tuwané.[2] Wong tuwa kang sering macakaké dongeng dening anaké, anaké bakal ngerasa familiar marang suarané wong tuwané dadi tambah cedhak uga karo wong tuwané.[2]
Sasuwené vakum ning donya hiburan Indonésia, dheweké gawe taman bacaan ning mall, ana meeting room, corner anak, kumpulé wong tuwa, bocah-bocah uga bisa dolanan.[3] Kita uga bisa ngarepaké minat bocah, bisa nongkrong sakaliyan maca.[3] Wis mlaku sataun suen, ning kono wis ana ornamen anyaran, rolling buku koleksiné uga wis ana 2000 buku.[3] Inspirasiné saka Yayasan Internasional Dewi Hughes, pisan olih saka kementrian pendidikan.[3] gawe taman bacaan ning mall lan rumah sakit.[3] Sakabehé ana 20 panggon, 13 ana ning mall.[3]