Demonstrasi Mesir 2011
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Artikel iki kagandhèng karo sawijining prastawa anyar sing isih lumaku. Informasi ing kaca iki bisa owah sawayah-wayah. |
Demonstrasi Mesir 2011 iku demonstrasi gedhèn-gedhèn sing kedadéyan ing Mesir nuntut supaya Presidhèn Hosni Mubarak sing kuwasa sajroning 30 taun mundur saka jabatané. Aksi iki arupa salah siji aksi revolusi kaya sing kedadéyan ing Tunisia[1] Pamaréntah ngupaya ngleremaké para demonstran sing nggalang aksi saka internet kanthi cara ngendhegaké saluran internèt lan komunikasi nganti wates wektu sing durung ditemtokaké.[2] Putra Presidhèn, Gamal Mubarak dilapuraké wis ninggalaké Mesir tumuju London bebarengan karo kulawarga.[3][4]
Deleng uga [sunting]
Referensi [sunting]
- ^ http://www.bbc.co.uk/indonesia/dunia/2011/01/110125_egyptdemo.shtml
- ^ http://www.bbc.co.uk/indonesia/dunia/2011/01/110128_bentrok_mesir.shtml
- ^ "'Beginning of the end' for Egypt's Mubarak as son and wife flee". International Business Times. 26 January 2011. http://www.ibtimes.com/articles/105117/20110126/beginning-of-the-end-for-egypt-s-mubarak-as-son-and-wife-flee.htm. Retrieved 26 January 2011.
- ^ "Egypt: President's son and family 'have fled to the UK'". Adnkronos. 25 January 2011. http://www.adnkronos.com/IGN/Aki/English/Security/Egypt-Presidents-son-and-family-have-fled-to-the-UK_311591050596.html. Retrieved 26 January 2011.
Pranala jaba [sunting]