Demi Moore
| Demi Moore - Kutcher | ||||||
|---|---|---|---|---|---|---|
| Asma wiyosan | Demetria Gene Guynes | |||||
| Miyos | 11 November 1962 (umur 50) Roswell, New Mexico, AS |
|||||
| Pakaryan | aktris | |||||
| Taun aktif | 1981—sapunika | |||||
| Sisihan | Freddy Moore (1980—1985) Bruce Willis (1987—2000) Ashton Kutcher (2005—sekarang) |
|||||
| Yoga | Rumer Willis, (lahir 1988) Scout LaRue Willis (lahir 1991) Tallulah Belle Willis (lahir 1994) |
|||||
| Tiyang sepuh | Virginia King, Charles Harmon (ayah kandung), Danny Guynes (ayah tiri) | |||||
|
||||||
Demi Moore (lair 11 November 1962; umur 50 taun, jeneng asline Demi Gene Guynes) yakuwi aktris Amerika Serikat, Kariré ora namung dadi aktris, uga dadi bintang model lan produser film.[1] Debut aktingé diawali nalika dheweké main akting dadi Rock Temptress ning film IT'S NOT A RUMOR taun 1980, lan perané nalika dadi Molly Jensen ning film kang judulé GHOST kang diputer taun 1990, pangalaman ning film iki dadi pangalaman kang melegenda kanggo dhewekié.[1]
Moore kuwi bebrayanan karo aktor enom kang jenengé Ashton Kutcher kang anduweni umur luwih enom 16 taun saka dheweké.[1] Bebrayanan karo Aston Kuther iki parkawinané kang kaping telu, sawisé bebrayanan karo aktor Bruce Willis lan musisi rock Freddy Moore, kanthi cara cerai.[1] Moore lan Kutcher kanthi saiki durung anduweni anak, ananging saka parkawinané karo Willis, dheweké anduweni anak wadon telu.[1]
Ning umuré kaping 48 taun, Moore anggawe film kang judulé, MAGIC MIKE.[2] Film iki digarap bareng karo Steven Soderbergh.Kanca kang dadi tokoh utama ning fil iki yaiku Alex Pettyfer kang umuré esih enom.[2] Carita saka film iki diangkat saka kisah uripé Channing Tatum sadurungé dadi aktor Hollywood.[2] Miturut kisah kang ana, film kasebut caritané babagan Channing, kang bakal diperanaké dening Alex Pettyfer.[2] Channing kang tau dadi penari bugil sadhurungé dadi aktor ning Hollywood.[2]