Cartoon Network
| Cartoon Network | |
|---|---|
| Diluncuraké | 1 Oktober 1992 |
| Sing duwé | Turner Broadcasting (Time Warner Inc.) |
| Saluran afiliasi | Boomerang |
| Situs web | http://www.cartoonnetwork.com |
Cartoon Network yaiku jaringan tivi kabel kang diadegaké Turner Broadcasting kang nomer siji dadi acara unggulan yaiku film-film animasi.[1] Saluran iki pisanan mulai siaran ing Amerika Serikat tanggal 1 Oktober 1992.[1]
Sajarah [sunting]
Ing akhir taun 1980-an, konglomerat TV kabel Ted Turner njupuk genti koleksi film MGM (kalebu film kartun kang ana warnané Warner Bros.[1] pra-1948), lan nayangké koleksi film animasi kuwi mau ning TV kabel Turner Network Television kang diduwèni.[1] Tayangan kuwi akèh disenengi penonton, lan ditutukké Ted Turner nganti tuku studio animasi Hanna-Barbera Productions ing taun 1991.[2] Kanti akuisisi iki berarti koleksi film Hanna Barbera lan koleksi film produksi Ruby-Spears Productions dadi nggonané Ted Turner.[2] Koleksi film animasi Ted Turner kang dadi tambah akèh saingga Cartoon Network diadegké kanggo nayangkané.[2] Tayangan-tayangan pisanan saluran iki yaiku pamutaran film-film kartun klasik produksi Warner Bros., MGM, lan Hanna-Barbera, kaya The Jetsons, lan The Flinstones, uga Wally Gator kang dienggo dadi tayangan selingan.[2] Kakéan film animasi kang ditayangké ing paket tayangan kang suwéné setengah jam utawa sakjam, kayata Down With Droopy D kang nampilké Droopy Dog, Tom and Jerry Show kang isiné kucing lan tikus kang lagi gudag-gudagan, lan paket Bugs and Daffy Tonight kang nampilké karakterLooney Tunes.[2] Saiki mung kari Tom and Jerry kang isih diputer.[2]