Bursa Èfèk Indonesia
![]() |
|
| Jenis | Stock exchange |
|---|---|
| Didirikan | 1912 |
| Kantor pusat | Jakarta, Indonesia |
| Tokoh penting | Ito Warsito, Dirut |
| Situs web | www.bei.co.id |
Bursa Èfèk Indonesia (dicekak BEI, utawa Indonesia Stock Exchange (IDX)) iku bursa asil penggabungan saka Bursa Èfèk Jakarta (BEJ) karo Bursa Èfèk Surabaya (BES). Kanggo èfèktivitas operasional lan transaksi, Pamaréntah mutusaké nggabung Bursa Èfèk Jakarta minangka pasar saham karo Bursa Èfèk Surabaya minangka pasar obligasi lan derivatif. [1] Bursa asil penggabungan iki wiwit operasi tanggal 1 Desember 2007.[2] [3]
BEI migunakaké sistem perdagangan Jakarta Automated Trading System (JATS) wiwit 22 Mei 1995, nggantèkaké sistem manual sing dianggo sadurungé.[4] Sistem JATS iki direncanakaké bakal diganti nganggo sistem anyar yaiku OMX.
Pusat Bursa Èfèk Indonesia dumunung ing Kawasan Niaga Sudirman, Jl. Jend. Sudirman 52-53, Semanggi, Jakarta Kidul
Bab lan Paragraf |
Indèks saham [sunting]
Kanggo mènèhi informasi sing luwih pepak ngenani perkembangan bursa marang publik, BEI nyebaraké data pergerakan rega saham liwat media cithak lan èlèktronik. Siji indikator pergerakan rega saham kasebut yaiku indèks rega saham. Wektu iki, BEI nduwèni pitung werna indèks saham:[5]
- IHSG, migunakaké kabèh saham kacathet minangka komponèn kalkulasi Indeks.
- Indèks Sèktoral, migunakaké kabèh saham sing mlebu jroning saben sèktor.
- Indèks LQ45, migunakaké 45 saham kapilih sawisé ngliwati sawetara tahapan selèksi.
- Indèks Individual, minangka Indeks kanggo saben saham didhasaraké rega dhasar.
- Jakarta Islamic Index, minangka Indèks perdagangan saham syariah.
- Indèks Papan Utama lan Papan Pengembangan, indèks sing didhasaraké marang kelompok saham sing kacathet ing BEI yaiku klompok Papan Utama lan Papan Pangembangan.
- Indèks Kompas100, migunakaké 100 saham pilihan koran Kompas.
Catatan sikil [sunting]
- ^ (id) AntaraNews: Menkeu: BEJ dan BES Merger Jadi Bursa Efek Indonesia
- ^ Situs Antara
- ^ detik Finance : BEI Aktif Mulai 1 Desember
- ^ Message from Bursa Efek Jakarta, diakses 28 Januari 2008
- ^ Indeks Harga Saham & Obligasi, Bursa Efek Indonesia, diaksès 28 Januari 2008
Deleng uga [sunting]
Pranala jaba [sunting]
- (id)(en) Situs Resmi BEI
