Bima Sakti

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Galaksi Bima Sakti, Srengéngé ana ing salah siji lengan spiral ing pinggir galaksi Bima Sakti

[sunting] Prakata

Bima Sakti (basa Inggris Milky Way iku salah siji galaksi ing alam semesta. Galaksi Bima Sakti wujudé spiral sing ukurané gedhé, duwé massa ± 1012 massa srengéngé. Galaksi iki ketata saka 200-400 milyar lintang lan duwé diameter 100.000 taun cahya. Let srengéngé karo pusat galaksi iki kira-kira 27.700 taun cahya.

Sistem tata suryané dhéwé ana ing galaksi Bima Sakti iki.

Pusat galaksi iki ketata saka ewonan lintang-lintang tuwa lan nduwèni gaya gravitasi sing kuwat banget. Ana dugaan yèn ing pusat galaksi iki ana bolongan ireng (black hole) sing gedhé banget.

Spiral-spiral (lengan) ing galaksi iki ana 4 sing utama lan 2 sing luwih cilik, kabèh diwiwiti saka pusat galaksi. Spiral-spiral iku yaiku:

[sunting] Galaksi Tangga

Akèh galaksi-galaksi liya ing jagat raya, galaksi-galaksi iku mangun klompok-klompok (gugus galaksi). Galaksi tangga sing paling cedhak karo galaksi Bima Sakti yaiku galaksi Andromeda


Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Bima_Sakti"