Bentang alam
Bentang alam (Basa Inggris: landform) iku sawijining unit geomorfologi sing dikategorèkaké miturut karateristik kaya èlevasi, kelandaian, orientasi, stratifikasi, paparan batuan, lan jinis lemah. Jinis-jinis bentang alam antara liya: bukit, lembah, tanjung, lll, déné samudra lan benua iku conto jinis bentang alam tingkat paling dhuwur.
Sawetara faktor, wiwit saka lèmpèng tektonik nganti erosi lan deposisi bisa mbentuk lan mengaruhi bentang alam. Faktor biologi bisa uga mengaruhi bentang alam, contoné peranan tetanduran lan ganggang jroning pambentukan rawa sarta terumbu karang.
Istilah-istilah bentang alam ora mung diwatesi tumrap bentukan ing bumi, nanging bisa uga dipigunakaké kanggo njelasaké bentukan ing lumahing planèt lan obyèk-obyèk liya ing alam semèsta.
[sunting] Deleng uga
[sunting] Pranala njaba
- (en) Landform Design