Basa-basa Papua

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Basa-basa Papua iku ngrujuk marang basa-basa sing dipituturaké ing pulo-pulo saindhenging Asia Kidul-Wétan lan Australia sing ora kalebu basa Austronesia utawa basa Australia. Dadi tembung iki sajatiné tembung négatif sing èksklusif sifaté lan dudu jeneng rumpun basa sajati. Sabagéyan gedhé basa-basa Papua dipituturaké ing Pulo Papua sing binagi antara Indonésia lan Papua Nugini. Sawetara basa uga dipituturaké ing Kapuloan Salomon, Maluku, Timor, Alor, Pantar lan uga ing Australia sawétaning Selat Torres.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Basa-basa_Papua&oldid=673072"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès