Autisme
Autisme utawa lelarat autis yaiku sawijining gangguan perkembangan bocah kang kompleks.[1] Tandha - tandhane wis katon nalika bocah durung ngancik 3 taun. [1] Sebab autis yaiku gangguan neurobiologis sing bisa ganggu fungsi otak saengga bocah mau ora bisa komunikasi kanthi lancar karo wong liya.[1] Autisma/Autisme dumadi saka tembung auto kang duwèni teges dhéwé. Istilah Autisme lagi kondhang wiwit taun 1943 déning Leo Kanner, senajan lelara iki wis ditemokaké wiwit biyen (Handojo,2003).[2] Penyakit autis iki ndadekake bocah mau kerep nutup dhiri, saéngga ora duwe ketrampilan uga kapinteran kang kuduné disamektakaké minangka anggota masyarakat.[2] Miturut Abdi Susanto, Saya cepet anggoné didiagnosa lan antuk terapi kang trep, mbokmenawa saya cepet uga bocah mau bisa tuwuh normal.[3]
catatan suku[sunting]
- ^ a b c Autis.info (diakses tanggal 22 maret 2011)
- ^ a b INDONESIA INDONESIA.COM (diakses tanggal 22 maret 2011)
- ^ kompas.com (diakses tanggal 22 Maret 2011)