Anyelir
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Anyelir | |
|---|---|
| Kembang anyelir | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Caryophyllales |
| kulawarga: | Caryophyllaceae |
| Genus: | Dianthus |
| Species: | D. caryophyllus |
| Jeneng binomial | |
| Dianthus caryophyllus L. |
|
Anyelir, utawa diarani uga kembang teluki lan ditepungi jroning basa Inggris minangka carnation, duwé jeneng èlmiah Dianthus caryophyllus iku tetanduran hias pekarangan lan pot sing populèr. Tanduran iki asalé saka kawasan Mediterania. Kembang anyelir duwé werna sing padhang lan manéka warna, saéngga asring dipigunakaké minagka hiasan. Ana rong jinis tanduran anyelir yaiku jinis kembang siji kanggo saben gagang lan jinis `spray', akèh kembang kanggo saben gagang.
Anyelir bisa urip sakwéné 18-20 sasi. Tanduran iki dhuwuré bisa nganti tekan 2 meter, nanging kanggo bisa tuwuh jejeg tanduran iki kudu ditalèni nganggo panyokong. Garis pusat batang tanduran kembang anyelir bisa nganti 1 cm lan biasané mbongkol ing buku/ros.
Pranala njaba [sunting]
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
| Wikisource gadhah naskah taun 1920 ing Encyclopedia Americana artikel bab Carnation. |