Alizée

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Alizée ing tanggal 3 Desember 2007 nalika napak-tangani ing Paris

Alizée Jacotey (lair ing 21 Agustus 1984 ing Ajaccio, Korsika, Prancis) iku sawijining penyanyi Prancis. Alizée iku dijenengaké miturut alizé utawa angin pasat. Dhèwèké ditemokaké déning Mylène Farmer, sawijining penyanyi kondhang Prancis klairan Quebec ing taun 1999. Alizée ngetokaké album ing taun 2000. Ing taun 2001 jenengé dadi misuwur ora namung ing Prancis waé nanging uga ing negara manca. Laguné sing misuwur iku Moi… Lolita. Ing taun 2003 Alizée kawin karo penyanyi Jérémy Châtelain. Loroné saiki wis duwé anak wadon siji.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Aliz%C3%A9e&oldid=618346"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès